Sugeng rawuh ing "Sinau Jawa". Blog menika minangka salah satunggalipun pambudidaya nguri-uri kabudayan Jawa, tilaranipun linuhung Jawa. Nyuwun Pangapunten awit kathah kekiranganipun. Matur nuwun.

This is default featured slide 1 title

Go to Blogger edit html and find these sentences.Now replace these sentences with your own descriptions.This theme is Bloggerized by Lasantha Bandara - Premiumbloggertemplates.com.

This is default featured slide 2 title

Go to Blogger edit html and find these sentences.Now replace these sentences with your own descriptions.This theme is Bloggerized by Lasantha Bandara - Premiumbloggertemplates.com.

This is default featured slide 3 title

Go to Blogger edit html and find these sentences.Now replace these sentences with your own descriptions.This theme is Bloggerized by Lasantha Bandara - Premiumbloggertemplates.com.

This is default featured slide 4 title

Go to Blogger edit html and find these sentences.Now replace these sentences with your own descriptions.This theme is Bloggerized by Lasantha Bandara - Premiumbloggertemplates.com.

This is default featured slide 5 title

Go to Blogger edit html and find these sentences.Now replace these sentences with your own descriptions.This theme is Bloggerized by Lasantha Bandara - Premiumbloggertemplates.com.

Tuesday 31 March 2015

Purwakanthi

Purwakanthi

Purwakanthi yaiku tetembungan kang padha swarane utawa kang padha aksarane,. Purwakanthi kaperang dadi telu yaiku purwakanthi guru swara, purwakanthi guru sastra, lan purwakanthi guru basa (lumaksita).

A. Purwakanthi guru swara yaiku tetembungan sing nunggal swara, kayata:
     Ana awan ana pangan ( aksara An )
     Bungah susah iku lumrah ( aksara Ah)

  • Adigang, adigung, adiguna
  • Ana awan, ana pangan
  • Ana bungah, ana susah iku wis lumrah
  • Becik ketitik, ala ketara
  • Ciri wanci, lela ginawa mati
  • Desa mawa cara, negara mawa tata
  • Giri lungsi, jalma tan kena ingina
  • Inggah-inggih ora kepanggih
  • Ngalah, nanging oleh
  • Sing gelem ngalah bakal luhur wekasane
  • Sing salah kudu seleh
  • Sing weweh bakal pitoleh
  • Witing tresna jalaran saka kulina
  • Yen krasa enak aja njur lali anak, lali bojo, lali tangga, lali kanca
  • Yen menang aja banjur sewenang-wenang


B. Purwakanthi guru sastra yaiku tetembungan sing nuggal sastra (aksara), kayata :
     Adigang, Adigung, Adiguna ( aksara Ad )
     Katula-tula katali ( aksara K,t )


  • Ing ngarsa sung tuladha, ing madya mangun karsa, tut wuri handayani.
  • Kala kula kelas kalih, kula kilak kulo kalih kuli-kuli kula, kalo kulo keli kali kelih kulo, kalo kula kumpul-kumpul, kula kelap-kelipm kala-kala kelang-kelang.
  • Ruruh, rereh, ririh ing wewarihipun, wrih reseping para wiyarsi.
  • Sluman slumun slamet, selamun nyemplung kali plung, slulup, slelep-lelep, oleh slepi isi klobet, njubut bal klambine teles bes.
  • Taberi ngastiti lan ngati-ati, mesti bakal dadi.
  • Tarti tata-tata, ate metu turut ratan, diutus tuku tahu tempe, dhuwite kerta telungatus.
  • Tata titi tutug tatug, tanggung jawab.
  • Tindak, tanduk lan tutur kang kalantur, ramtu katula-tula aktali, bakal kacatur, katuruh, kapatuh lan dadi awon.
  • Wong jejodhohan kudu ngelingi babat, bibibit, bobot, bebet.


C. Purwakanthi guru basa yaiku tetembungan sing nunggal basa utawa tembung, kayata:
1.    Kolik priya, priyagung anjani putra. ( priya,priyagung )
2.    Witing klapa, kalapa kangmaksih mudha. ( klapa,kalapa )
Share:

Main Menu