Friday, 13 January 2012
Wednesday, 11 January 2012
Asal-usulipun Kabupaten Blora lan Ajaran Saminisme
Kabupaten Blora wis kawentar ana ing papan endi
wae. Miturut carita rakyat asal usul jeneng Blora saka tembung Belor sing duwe
teges Lumpur. Wiwit jaman kerajaan Pajang nganti kerajaan mataram kabupaten
Blora iku daerah sing apik ana ing pemerintah. Sejarahe yaiku Blora wektu
dicekhel karo kadipaten jipang wiwit abad XVI sing isih dicekhel pemerintahan
Demak yaiku Adipati Jipang sing jenenge Aryo Penangsang. Aryo Penangsang luwih
misuwur nganggo jeneng Aryo Jipang. Daerah sing dikuasai yaiku Pati, Lasem,
Blora, lan Jipang. Nanging sakwise Jaka Tingkir (hadiwijaya) ngwarisi tahta
Demak pemerintahan lajeng dipindahke ana
Pajang dadi Blora iku mlebu kerajaan Pajang.
Tuesday, 10 January 2012
Tuladha Panampi Pahargyan Midodareni
Mahardikeng
tyas ring kamardikan nugraha miwah sih wilasanipun gusti ingkang maha agung
mugi anggung sumandha wonten ing jiwangga kita sawegung waradin sagung dumadi,
raharja, niskala satuhu.
Tumrap para
kadhang muslimin, muslimat, asalamualaikum Wr. Wb.
Minangka
talangbasanipun bapak WISNU WARDANA sekaliyan keparenga kula pun WAHYU HASTANTO
ngempil kamardikan para rawuh saperlu ananggapi pangandikan bapak WISNU WARDANA
sekaliyan ingkang lumantar bapak ZAENURI
Bapak
ZAENURI ingkang kinurmatan,
Friday, 6 January 2012
Asul-asul Kabupaten Batang
Batang, salah sijine kabupaten
kang ana ing Jawa Tengah duweni sejarah. Manut cerita, ing jaman biyen ana
kerajaan sing jenenge Kerajaan Mataram Islam. Rajane yaiku Sultan Agung
Hanyokrokusumo. Wektu kuwi Sultan Agung lagi nyiapake prajurit-prajurite kanggo
nyerang prajurit Belanda ing Jakarta sing biyene arane Batavia.
Tuesday, 3 January 2012
Asal-usul Tegal
Tegal kuwe asale saka tembung Tetegal sing artine sawah sing bisa ditanduri palawija. Asal-usul Tegal ora bisa dipisahna karo tokoh Ki Gede Sebayu sing urip sekitar taun 1980. ki Gede Sebayu asale saka Kerajaan Pajang. Kerajaan Pajang dikalahna dening Kerajaan Mataram, akeh priyayi muda lan bangsawan lunga ngumbara nggolet panguripan sing anyar. Ki Gede Sebayu ngumbara parane ngulon.
Ki Gede Sebayu mangkat karo Raden Sidawini. Ki Gede
Sebayu karo Raden Sidawini nglewati alas-alas. Ana ing alas akeh begal, dadi Ki
Gede Sebayu lan Raden Sidawini ora mung bekal dhuwit nanging bekal ilmu agama
lan ilmu bela diri.
Monday, 2 January 2012
Raden Maoneng (Dukuh Mengoneng - Desa Bojongbata-Pemalang)
Manut critane rakyat pasarean kang misuwur. Pasarean iku
dipercaya dening masyarakat kana minangka papan kramat. Pasarean kuwi yaiku
pasareane Raden Maoneng. Saiki legenda pasarean Raden Maoneng kerep dipentasake
ing kesenian kethoprak utawane pagelaran wayang golek kana, dhek biyen
kabupaten pemalang diparentah dening Kanjeng Adipati Raden Tumenggung
Soeryonegoro.
Saturday, 17 December 2011
Asal-Asale Kutha Pekalongan
Dek jaman biyen ing pesisir Laut Jawa sisih lor tengah iku alas gung liwang-liwung alas ketel/lebat ora ana jalma menungsa sing wani liwat, anane mung kewan-kewan galak kayata ula, babi alas, macan lan munyuk. Critane alas iku mau dadi kerajaane bangsa lelembut, akeh wong-wong pinter sak kiwa tengene alas iku mau diwerahi yen koro iku kutho gedhe, ya ana pasare, ana perkantorane uga ana pabrike sing uga karyawane akeh kaya neng ndhonya iki.
Wednesday, 14 December 2011
Tembang Dhandhanggula
Yogyanira kang para prajurit,
lamun bisa sami hanulada,
duk ing nguni caritane,
andelira sang Prabu,
Sasrabahu ing Maespati,
aran patih Suwanda,
lelabuhanipun,
kang ginelung triprakara,
guna kaya purun ingkang den antepi,
Suwanda mati ngrana.
Tembang Dhandanggula ingkang dipunanggit dening Sri Mangkunegara IV ing nginggil nyariyosaken bab kapahlawanan Bambang Sumantri ingkang sampun dados maha patih ing Maespati kanthi jejuluk Patih Suwanda.
Wednesday, 30 November 2011
S.M. Pocung, laras Sl.Manyura
6
Bo-
|
6
cah
|
5
i-
|
3
ku
|
1
so-
|
1
pan
|
1
san-
|
2
tun
|
6
i-
|
6
ku
|
5
pre-
|
3
lu
|
1
Bek-
|
2
ti
|
6
mring
|
3
wong
|
2
tu-
|
1
wa
|
|
|
|
|
|
|
1
Dha-
|
2
wuh-
|
1
e
|
3
gu-
|
2
ru
|
1
den
|
216
es-
|
6
thi
|
|
|
|
|
6
Si-
|
1
na-
|
2
u-
|
3
a
|
2
mrih
|
2
ka-
|
21
te-
|
6
kan
|
1
kang
|
23
den
|
12
se
|
2
dya
|
Monday, 28 November 2011
TULADHA PASRAH PENGATIN PRIYA WONTEN ING SALEBETING PAHARGYAN MIDODARENI
Mahardikeng
tyas ring kamardikan nugraha miwah sih wilasanipun gusti ingkang maha agung mugi
anggung sumandha wonten ing jiwangga kita sawegung waradin sagung dumadi,
raharja, niskala satuhu.
Mligi tumrap para rawuh ingkang angrasuk agami islam
Assalamualaikum Wr.Wb.
Sabda
minangka panggeh, tembung minangka kekenceng, inggih wacana minangka panancang.
Netepi darmaning
kekadangan turta sampun sumanggem mring sesanggeman, keparenga kula marak ing
ngarsa panjenengan, awit titiwanci punika kula kadhawuhan dening bapak WISNU
WARDANA sekaliyan, kinen matur
dhumateng bapak ABDUL NGOFUR sekaliyan.
Ingkang
punika keparenga kula hamurweng gati.
Bapak WAHYU HASTANTO ingkang minangka sulih sariranipun bapak ZAENURI sekaliyan ingkang kinurmatan.
Sepisan :
kepareng matur bilih sowan kula sakadang saking PEMALANG ngantos dumugi ing ngriki tansah manggih
wilujeng, boten wonten pepalang menapa. Sedaya awit saking berkahing Gusti
ingkang lumantar pangestu panjenengan.
Ingkang angka kalih : lumantar kulo bapak WISNU WARDANA sekaliyan ngaturaken salam taklim mugi katur
dumateng bapak ZAENURI sekaliyan.
Ngancik ingkang angka tiga, inggih tritiyeng gati pisowan
kulo mestuti dhawuhipun bapak WISNU WARDANA sekaliyan turta jumbuh kaliyan rancangan
sowan kulo sakadang. Dalu punika sampun angganti calon pengantin priya pun HERU
PRASETYA pramila tumunten kula pasrahaken dhumateng bapak WAHYU HASTANTO
sekaliyan sinartan panyuwun mugi keparengan amaringi wewarah, wewuruk
sangu-sanguing abalewisma
Bapak WAHYU
HASTANTO ingkang kinurmatan sowan kulo sakadhang ing dalu punika ugi
kinanten uba rampe saha sarat sarana ingkang sanadyan wujud sarta ajinipun
boten sepintena nanging mugi sedaya saget dados sarat sarana murih raket
supeketing kekadhangan ingkang antawisipun keluarga bapak ZAENURI
kaliyan keluarga WISNU WARDANA ing ngriki. Sedaya kula pasrahaken
dhumateng bapak WISNU WARDANA sekaliyan
Bapak ABDUL NGOFUR inkang
kinurmatan kirang trep hambok bilih anggen kulo matur anggandhar-andhar
angendhukur. Pramila damar mancung cinupet semanten atur kulo hambok bilih
anggen kula matur kathah kirangipun keparengan hambedhah kuthaning pangapsami
Minangka panutuping atur Wassalamu’alaikum Wr. Wb.