Saturday, 4 February 2012
Sesorah Perpisahan Kelas (Pidato Perpisahan Kelas)
Assalamualaikum Warohmatullohi Wabarokatuh,
Ingkang dahat kinurmatan Bapak Kepala Sekolah … , Bapak Ibu guru, staf TU, lan kanca-kanca adhik-adhik sedaya ingkang kula tresnani.
Sepisan sumangga kita sedaya ngaturaken puji syukur dhumateng Gusti Allah ingkang sampun maringaken nikmat dhumateng kita sedaya, saengga kita sedaya saged kempal ing adicara perpisahan kelas 9 samenika. Kula siswa kelas 9 (?) ingkang tinanggenah guru kagem makili kanca-kanca kelas 9 ngaturaken matur nuwun dhumateng sedaya bapak ibu guru ingkang sampun nggulawenthah kula sakanca, dangunipun tigang warsa ing pawiyatan menika.
Kula sakanca badhe nyuwun pangestunipun supados kula sakanca saged dados tiyang ingkang migunani tumrap kulawarga, masyarakat, agami, nusa lan bangsa. Sejatosipun kula sakanca rumaos awrat sanget badhe nilaraken pawiyatan (sekolah) menika. Kula inggih gadhah sakedhik pesen kagem adhik-adhik kelas 7 lan 8 supados tansah sinau ingkang sregep supados saged mujudaken cita-citanipun.
Cekap semanten saking kula, menawi anggen kula sakanca gadhah kalepatan. Kula nyuwun agunge pangapunten dhumateng sedaya kemawon.
Nuwun,
Wassalamualaikum Warohmatullahi Wabarokatuh.
(Gambar kapendhet saking Google.com)
Friday, 13 January 2012
Wednesday, 11 January 2012
Asal-usulipun Kabupaten Blora lan Ajaran Saminisme
Kabupaten Blora wis kawentar ana ing papan endi
wae. Miturut carita rakyat asal usul jeneng Blora saka tembung Belor sing duwe
teges Lumpur. Wiwit jaman kerajaan Pajang nganti kerajaan mataram kabupaten
Blora iku daerah sing apik ana ing pemerintah. Sejarahe yaiku Blora wektu
dicekhel karo kadipaten jipang wiwit abad XVI sing isih dicekhel pemerintahan
Demak yaiku Adipati Jipang sing jenenge Aryo Penangsang. Aryo Penangsang luwih
misuwur nganggo jeneng Aryo Jipang. Daerah sing dikuasai yaiku Pati, Lasem,
Blora, lan Jipang. Nanging sakwise Jaka Tingkir (hadiwijaya) ngwarisi tahta
Demak pemerintahan lajeng dipindahke ana
Pajang dadi Blora iku mlebu kerajaan Pajang.
Tuesday, 10 January 2012
Tuladha Panampi Pahargyan Midodareni
Mahardikeng
tyas ring kamardikan nugraha miwah sih wilasanipun gusti ingkang maha agung
mugi anggung sumandha wonten ing jiwangga kita sawegung waradin sagung dumadi,
raharja, niskala satuhu.
Tumrap para
kadhang muslimin, muslimat, asalamualaikum Wr. Wb.
Minangka
talangbasanipun bapak WISNU WARDANA sekaliyan keparenga kula pun WAHYU HASTANTO
ngempil kamardikan para rawuh saperlu ananggapi pangandikan bapak WISNU WARDANA
sekaliyan ingkang lumantar bapak ZAENURI
Bapak
ZAENURI ingkang kinurmatan,
Friday, 6 January 2012
Asul-asul Kabupaten Batang
Batang, salah sijine kabupaten
kang ana ing Jawa Tengah duweni sejarah. Manut cerita, ing jaman biyen ana
kerajaan sing jenenge Kerajaan Mataram Islam. Rajane yaiku Sultan Agung
Hanyokrokusumo. Wektu kuwi Sultan Agung lagi nyiapake prajurit-prajurite kanggo
nyerang prajurit Belanda ing Jakarta sing biyene arane Batavia.
Tuesday, 3 January 2012
Asal-usul Tegal
Tegal kuwe asale saka tembung Tetegal sing artine sawah sing bisa ditanduri palawija. Asal-usul Tegal ora bisa dipisahna karo tokoh Ki Gede Sebayu sing urip sekitar taun 1980. ki Gede Sebayu asale saka Kerajaan Pajang. Kerajaan Pajang dikalahna dening Kerajaan Mataram, akeh priyayi muda lan bangsawan lunga ngumbara nggolet panguripan sing anyar. Ki Gede Sebayu ngumbara parane ngulon.
Ki Gede Sebayu mangkat karo Raden Sidawini. Ki Gede
Sebayu karo Raden Sidawini nglewati alas-alas. Ana ing alas akeh begal, dadi Ki
Gede Sebayu lan Raden Sidawini ora mung bekal dhuwit nanging bekal ilmu agama
lan ilmu bela diri.
Monday, 2 January 2012
Raden Maoneng (Dukuh Mengoneng - Desa Bojongbata-Pemalang)
Manut critane rakyat pasarean kang misuwur. Pasarean iku
dipercaya dening masyarakat kana minangka papan kramat. Pasarean kuwi yaiku
pasareane Raden Maoneng. Saiki legenda pasarean Raden Maoneng kerep dipentasake
ing kesenian kethoprak utawane pagelaran wayang golek kana, dhek biyen
kabupaten pemalang diparentah dening Kanjeng Adipati Raden Tumenggung
Soeryonegoro.
Saturday, 17 December 2011
Asal-Asale Kutha Pekalongan
Dek jaman biyen ing pesisir Laut Jawa sisih lor tengah iku alas gung liwang-liwung alas ketel/lebat ora ana jalma menungsa sing wani liwat, anane mung kewan-kewan galak kayata ula, babi alas, macan lan munyuk. Critane alas iku mau dadi kerajaane bangsa lelembut, akeh wong-wong pinter sak kiwa tengene alas iku mau diwerahi yen koro iku kutho gedhe, ya ana pasare, ana perkantorane uga ana pabrike sing uga karyawane akeh kaya neng ndhonya iki.
Wednesday, 14 December 2011
Tembang Dhandhanggula
Yogyanira kang para prajurit,
lamun bisa sami hanulada,
duk ing nguni caritane,
andelira sang Prabu,
Sasrabahu ing Maespati,
aran patih Suwanda,
lelabuhanipun,
kang ginelung triprakara,
guna kaya purun ingkang den antepi,
Suwanda mati ngrana.
Tembang Dhandanggula ingkang dipunanggit dening Sri Mangkunegara IV ing nginggil nyariyosaken bab kapahlawanan Bambang Sumantri ingkang sampun dados maha patih ing Maespati kanthi jejuluk Patih Suwanda.
Wednesday, 30 November 2011
S.M. Pocung, laras Sl.Manyura
6
Bo-
|
6
cah
|
5
i-
|
3
ku
|
1
so-
|
1
pan
|
1
san-
|
2
tun
|
6
i-
|
6
ku
|
5
pre-
|
3
lu
|
1
Bek-
|
2
ti
|
6
mring
|
3
wong
|
2
tu-
|
1
wa
|
|
|
|
|
|
|
1
Dha-
|
2
wuh-
|
1
e
|
3
gu-
|
2
ru
|
1
den
|
216
es-
|
6
thi
|
|
|
|
|
6
Si-
|
1
na-
|
2
u-
|
3
a
|
2
mrih
|
2
ka-
|
21
te-
|
6
kan
|
1
kang
|
23
den
|
12
se
|
2
dya
|