Main Menu

Pages

Thursday, 26 September 2013

Tembang Dolanan Jawa

SLUKU-SLUKU BATHOK

Sluku-sluku bathok
bathoke ela-elo
si romo menyang solo
oleh-olehe payung moda
tak jenthir ololobah
wong mati ora obah
yen obah medeni bocah
yen urip nggoleko dhuwit



PITIK TUKUNG

Aku duwe pitik pitik tukung
Saben dina tak pakani jagung
Petok gok petok petok ngendok pitu
Tak ngremake netes telu
Kabeh trondol trondol tanpa wulu
Mondol mondol dol gawe guyu



ILIR-ILIR

Lir ilir..lir ilir..tanduré wus sumilir Tak ijo royo-royo..taksengguh temantèn anyar
Cah angon.cah angon..pènèkké blimbing kuwi , Lunyu-lunyu ya pènèken kanggo masuh dodotira
Dodotira dodotira kumitir bedhah ing pinggir Dondomana jlumatana kanggo séba méngko soré Mumpung padhang rembulané
Mumpung jembar kalangané Ya suraka..surak horéé



KATE-KATE DIPANAH

Te kate dipanah
dipanah ngisor nggelagah
ana manuk ondhe ondhe
Mbok sir bombok bok sir kate
Mbok sir bombok mbok sir kate



MENTHOK-MENTHOK

Menthok menthok tak kandhani
Saksolahmu angisi-isini
Mbok ya aja ngetok
Ana kandhang wae
Enak-enak ngorok ora nyambut gawe
Menthok-menthok mung lakumu
Megal-megol gawe guyu



KUPU KUWI

Kupu kuwi tak encupe
Mung abure ngewuhake
Ngalor-ngidul
Ngetan bali ngulon
Mrana-mrene mung sak paran-paran
Mbokya mencok tak encupe
Mentas mencok clegrok
Banjur mabur kleper



JAGO KATE

Jago kate te te te
Kukukluruk … kok
Amecece ce ce ce
Kukukluruk
Dibalang watu bocah kuncung
Keok … kena telehe
Njranthal … pelayune
Mari umuk mari ngece
Si kate katon nyekukruk



PADANG MBULAN

Yo, poro konco dolanan ning jobo
Padang mbulan, padange koyo rino
Rembulane sing ngawe-awe
Ngelingake ojo podo turu sore



JAMURAN

Jamuran… jamuran…ya ge ge thok…
jamur apa ya ge ge thok…
Jamur payung, ngrembuyung kaya lembayung,
sira badhe jamur apa?



KODOK NGOREK

Kodok ngorek kodok ngorek ngorek pinggir kali
teyot teblung teyot teblungteyot teyot teblung
Bocah pinter bocah pinter besuk dadi dokter
bocah bodho bocah bodho besuk kaya kebo



KIDANG TALUN

Kidang talun
mangan gedang talun
mil kethemil…mil kethemil…
si kidang mangan lembayung



DHONDHONG APA SALAK
dhondhong apa salak dhuku cilik cilik
gendong apa mbecak mlaku thimik thimik
adhik ndherek ibu tindak menyang pasar
ora pareng rewel ora pareng nakal
mengko ibu mesthi mundhut oleh-oleh
kacang karo roti adhik diparingi



PITIK TUKUNG

Aku duwe pitik, pitik tukung..
saben dina, tak pakani jagung
petok gogok petok petok ngendhog siji,
tak teteske…kabeh trondhol..dhol..dhol..
tanpa wulu..megal-megol.. gol.. gol.. gawe guyu…



JARANAN

jaranan-jaranan… jarane jaran teji
sing numpak ndara bei
sing ngiring para mantri
jeg jeg nong..jeg jeg gung
prok prok turut lurung
gedebug krincing gedebug krincing
prok prok gedebug jedher



GUNDHUL-GUNDHUL PACUL

Gundhul gundhul pacul cul, gembelengan
nyunggi nyunggi wakul kul, petentengan
wakul ngglimpang, segane dadi sak latar
wakul ngglimpang, segane dadi sak latar



MENTHOK-MENTHOK

Menthok, menthok, tak kandani mung lakumu,
angisin-isini mbok yo ojo ngetok,
ono kandhang wae enak-enak ngorok,
ora nyambut gawe
menthok, menthok …
mung lakukumu megal megol gawe guyu



GAMBANG SULING

Gambang suling, ngumandhang swarane
tulat tulit, kepenak unine
uuuunine.. mung..nreyuhake ba-
reng lan kentrung ke-
tipung suling, sigrak kendhangane



SUWE ORA JAMU

Suwe ora jamu
jamu godong tela
suwe ora ketemu
ketemu pisan gawe gela

Kidung Rumeksa ing Wengi

KIDUNG RUMEKSA ING WENGI


--Dhandhanggula

ana kidung rumeksa ing wengi
teguh hayu luputa ing lara
luputa bilahi kabeh
jim setan datan purun
paneluhan tan ana wani
miwah panggawe ala
gunaning wong luput
geni atemahan tirta
maling adoh tan ana ngarah ing mami
guna duduk pan sirna.*

Tembang Dandhanggula isi donga tetulak iku riptane Kanjeng Sunan Kalijaga. Menawa ditembangake ing tengah wengi, sing ngrungokake, menawa sing krungu mau bisa nglaras lan ngrasakake sarana ati, atine bisa kaya kegeret menyang papan sing adoh nglangut . Apamaneh sing nembangake sawijining simbah karo ngendhong putune kang lagi nangis kepiyer tengah wengi kaya diganggu lelembut. Ditembangake kaya mengkono, putune kang isih bayi dadi meneng enggone nangis, keturon ing gendhongane simbahe. Jim setan sing maune ngganggu kaya padha sumingkir, wedi dening ukarane tembang kang nggeterake ngemu daya magis.

TEMBANG Dhandhanggula 10 gatra (larik) isi donga tetulak iku, ana maknane ing saben gatra, yaiku :

(1) Ana kidung rumeksa ing wengi, tegese, ana tembang kang ngreksa utawa ngayomi jroning wengi.

(2) Teguh hayu luputa ing lara, tegese, santosa bagas waras ora kena lelara.

(3) Luputa bilahi kabeh, tegese, kabeh sing bisa gawe bilahi padha sumingkir.

(4) Jim setan datan purun, tegese, bangsa lelembut ora ana sing gelem nganggu gawe.

(5) Paneluhan tan ana wani, tegese, santhet lan tenung uga ora ana sing tumama.

(6) Miwah panggawe ala, tegese, uga bisa slamet yen ana panggaawene wong ala.

(7) Gunaning wong luput, tegese, uga bisa slamet yen ana guna-guna kang amaeka.

(8) Geni atemahan tirta, tegese, senajan geni iku panas, ora kuwawa ngobong dheweke awit geni iku malih adhem kaya kesiram tirta ( banyu).

(9) Maling adoh tan ana kang ngarah ing mami, tegese, mengkono uga tekane maling saka adoh kang arep tumindak culika colong jupuk ing omahe sing ngidung iku, gagal wurung enggone tumindak ala.

(10) Guna duduk pan sirna, tegese, Guna saemper tenung lan santhet, uga sirna, ora tumama.

Mengkono isine donga tetulak ing tembang iku, kanggo nulak tekane samubarang kang kang ala saka panggawene jim setan lan cendhalane wong jail-methakil kang seneng maeka liyan.@

(Djajus Pete).- (sumber : https://www.facebook.com/basajawa)


Sumberipun (Klik)
Klik ugi
Kidung Rumeksa ing Wengi 

Tembung Camboran


Tembung Camboran utawa kata majemuk (komposisi) yaiku tembung loro utawa luwih sing digandheng dadi siji, lan tembung mau dadi tembung anyar sing tegese uda dadi melu anyar. Sing dikarepake anyar tegese dadi beda nalika tembung-tembung mau durung ditulis gandheng dadi tembung camboran.

Tuladha:
a. Lare angon tegese dudu bocah sing angon, nanging lare angon kuwi jenenge ula.
b. Buntut urang tegese dudu buntute urang nanging jenenge rambut sing njenthir ing githok.
c. Semar mendem tegese dudu semar sing lagi mendem nanging iku rane panganan sing digawe saka beras ketan.
d. Randha royal tegese dudu randha sing seneng royal nanging iku arane tape goreng.
e. Raja lele tegese dudu ratune lele nanging arane pari utawa beras.

Tembung camboran sing baku mung ana loro yaiku camboran wutuh lan camboran tugel.
a. Tembung camboran wutuh yaiku yen tembung sing dicambor isih wutuh.
     tuladha: dhadha menthok, raja lele, lsp.
b. Tembung camboran tugel yaiku menawa tembunge sing dicambor wis ora wutuh amarga diwancah utawa ditugel. sing ditugel bisa loro-lorone bisa uga mung salah siji tembunge.
    tuladha: panas atis --- dadi panastis; abot repot --- dadi botrepot; balung kulit --- dadi lunglit, lsp.

Tuladha cengkorongan Sesorah



Tuladha cengkorongan sesorah:
Sesorah Sukuran
a. Salam pambuka
b. Atur pakurmatan lan panyapa aruh (urut saka sing dikurmati dhewe)
c. Atur puji syukur
d. Atur pambuka
e. Isi/wigatine sesorah
f. Atur panyuwun/ajak-ajak jumbuh karo isine sesorah
g. Atur dedonga, pangajab lan njaluk pangapura
h. Salam panutuo

Tembung Kerata Basa


Tembung Kerata Basa utawa jarwa dhosok yaiku negesi sawenehing tembung kanthi adhedhasar wanda-wandane tembung mau. Menawa dideleng wujude tembung mau dadi kaya cekakan utawa singkatan, nanging sejatine dudu amarga tembunge karo tegese anane dhisik tembunge. Sing perlu dingerteni menawa tegese tembung dadi memper utawa cocok karo kahanane mula ora saben tembung bisa digawe jarwa dhosoke.

Tuladha:
tebu --- tegese : antebing kalbu
garwa --- tegese : sigarane nyawa
gelas --- tegese : yen tugel ora kena dilas
piring --- tegese : sepine yen wis miring
kodhok --- tegese : teka-teka ndhodhok
kupluk --- tegese : kaku tur nyempluk
sirah --- tegese : isine rah
cengkir --- tegese : kencenging pikir, lan sapiturute.

Wednesday, 25 September 2013

Bebasan lan Saloka



Bebasan lan saloka iku sejatine padha tegese yaiku unen-unen kang gumathok sing ajeg panganggone lan ukurane nganggo pepindhan. Tegese gumathok lan ajeg panganggone yaiku tembung-tembunge ora kena diowahi kanthi ngganti nganggo tembung liya uga ora kena dikramakake. Dene ukarane pepindhan tegese ukarane ora wantah utawa ora lugu nanging kanthi pangumpamaan.

Ananging ana saperangan para winasis sing mbedakake antarane bebasan karo saloka yaiku mapan ing bab sing dipindhakake. Menawa sing dipindhakake utawa sing diumpamakake iku uwonge diarani saloka, dene menawa sing dipindhakake  iku kahanane, tindak-tanduke utawa pakaryane uwong iku arane bebasan. 

Tuladha Saloka:
a. Kebo kabotan sungu tegese uwong sing rekasa uripe amarga kakehan tanggungan (anak).
b. Bathok bolu isi madu tegese uwong sing laire ora mingsra nanging kadunungan kaluwihan.
c. Gajah ngidak rapah tegese uwong sing nglanggar wewalere dhewe.


Tuladha bebasan:
a. Nglungguhi klasa gumelar ngibaratake mung kari nemu kepenake.
b. Nabok nyilih tangan ngibaratake nggawa cilaka nanging lumantar wong liya.

Tuesday, 17 September 2013

CPNS Bahasa Jawa 2013 Kota Probolinggo Jatim

 

Pengumuman Tentang Penerimaan Seleksi CPNS Pemerintah Kota Probolinggo Tahun 2013

 

PENGUMUMAN
Nomor : 811 /  210   / 425.203 / 2013
TENTANG
PENERIMAAN CALON PEGAWAI NEGERI SIPIL DAERAH
DI LINGKUNGAN PEMERINTAH KOTA PROBOLINGGO
DARI PELAMAR UMUM TAHUN 2013
Berdasarkan Surat Menteri Negara Pendayagunaan Aparatur Negara Nomor R/110.F/M.PAN-RB/08/2013  tentang Persetujuan Rincian Tambahan Alokasi Formasi CPNS Daerah Tahun 2013, maka Pemerintah Kota Probolinggo akan melaksanakan Ujian Penyaringan dalam rangka Penerimaan Calon Pegawai Negeri Sipil dari Pelamar Umum Tahun 2013 sebanyak 35 orang, dengan rincian jabatan dan kualifikasi pendidikan sebagaimana daftar terlampir
Klik disini

Aja Dumeh


Tegese yaiku aja kumalungkung, mamerake lan migunakake apa kang diduweni kanggo nguja hapa nepsu, apadene ngina, ngremehake, lan nyepelekake liyan.

Friday, 13 September 2013

Adigang Adigung Adiguna


Tegese yaiku ngendel-endelake kekuwatan, panguwasa, lan kapinteran sing diduweni. Adigang yaiku sipat kang ngegul-gulake kekuwataning awak (raga), kayadene kidang. tandang tanduke cukat trengginas, playune pilih tandhing. Dene adigung iku sipat kang ngongsakake pangkat, drajat, keluhuran, apadene trah tedhak turune priyagung (wong gedhe). Pawongan kang nduweni watak adigung umume dipadhakake karo gajah. Awake gedhe, ora ana sing madhani, lan yen padudon akeh menange. Dene adiguna yaiku sipat kang ngendelake kapinteran lan akal. Sipat iki umume digambarake kaya watake ula. Ula iku katone ringkih, nanging wisane mbebayani.