Kathah ritual
utawi pengetan ingkang dipuntindakaken
tiyang Jawi wiwit kuna makuna. Sedaya menika nggambaraken agenging
kapitadosanipun tiyang Jawi dhumateng
Gusti Ingkang Akarya Jagad. Saengga
menapa kemawon nugraha ingkang dipuntampi dipuntengeri mawi upacara
ingkang mengku pandonga saha
panuwun dhumateng Gusti Ingkang Maha
Mirah.
Acara tingkeban
utawi kawastanan mitoni inggih menika satunggaling upacara ingkang
dipuntindakaken tiyang Jawi kangge
mengeti jabang bayi umur 7 wulan wonten kandhutanipun ibu. Miturut para
winasis, tembung mitoni asalipun saking tembung pitu, saged dipuntegesi
pitutur, pituduh tumuju kasaenan lan kaluhuran. Wondene sacara medis, jabang
bayi ngancik umur 7 wulan sampun nggadhahi wewujudan minangka manungsa kanthi
wetah, pramila lajeng dipunpengeti kanthi ngawontenaken syukuran.
Lampahipun upacara tingkeban dipunwiwiti kanthi
sungkeman. Calon bapak lan ibunipun si jabang bayi sungkem dhumateng tiyang
sepuh kalih-kalihipun ( saking pihak bapak rumiyin, kalajengaken dhumateng
pihak ibu ). Salajengipun acara siraman.
Calon bapak nyebaraken sekar mlathi salebetipun genthong, calon ibu ngagem
nyamping lan kemben lenggah wonten
panggenan ingkang sampun cumawis. Kanthi dipunampingi garwanipun, ibu ingkang
ngandheg wau wiwit dipunsirami dening para sesepuh kakung putrid cacahipun
pitung pasang. Ingkang sepisan nyirami
tiyang sepuh saking pihak kakung. Ibu marasepuh nyiramaken toya sekar ing
pamidhangan kanan kering lajeng mustakanipun, makaten ngantos sedaya sesepuh
rampung nyirami.
Acara mecah tigan dipuntindakaken
calon bapak, kaliyan ngendika : “ Lanang gelem, wadon gelem, waton slamet !” Tigan dipuntempelaken urut saking
panglarapan, mandhap dumugi kandhutan, lajeng dipunpecah. Ukara ing nginggil
nedahaken bilih kita kedah narima ing pandum punapa paringipun Gusti, putra
kakung menapa putri sarta nyenyuwun supados bayi lair kanthi gangsar. Wekdal
nggarisaken tigan wau badanipun calon ibu dipuntutup ngangge kain pethak
ingkang nglambangaken suci.
Purna
mecah tigan dipunlajengaken upacara patut-patut. Ing acara menika calon ibu
gantos busana kaping pitu. Busana wau mujudaken pilihanipun para sesepuh.
Busana ingkang dipunagem pungkasan limrah dipunpilihaken nyamping “truntun”
kaliyan kemben “ bangun tulak “ ingkang mengku teges lan panyuwunan
supados pasangan ingkang badhe nampi momongan menika tansah rukun turun temurun
saha tebih saking rubeda.
Sasampunipun
menika kalajengaken acara procotan cengkir ingkang ginambaran Kamajaya lan
Kamaratih . Calon bapak milih salah satunggaling cengkir kanthi cara mungkur.
Menawi ingkang kapendhet cengkir gambar Kamajaya, manut kapitadosan bayinipun kakung. Suwalikipun bilih
ingkang kapendhet Kamaratih ateges
bayinipun estri. Cengkir ingkang kapilih wau lajeng dipunemban ibu marasepuh
sarta dipuntembangi kadosdene ngemban bayi. Salajengipun dipunpapras mawi
bendho. Bilih toya ingkang medal saking
cengkir muncrat dipunpitadosi bayinipun kakung, nanging menawi tleser-tleser
bayinipun estri.
Acara
salajengipun inggih menika syukuran ngiris tumpeng kalih. Pucukipun tumpeng
ingkang setunggal dipunaturaken tiyang sepuh saking pihak bapak, dene
setunggalipun malih kagem tiyang sepuh saking pihak ibu. Minangka acara
pungkasan inggig menika sadeyan rujak
lan dhawet dening calon bapak ibunipun si jabang bayi. Punika nglambangaken
supados bayi ing tembe nampi rejeki ingkang kathah salebeting nglampahi
gesangipun.