Sugeng rawuh ing "Sinau Jawa". Blog menika minangka salah satunggalipun pambudidaya nguri-uri kabudayan Jawa, tilaranipun linuhung Jawa. Nyuwun Pangapunten awit kathah kekiranganipun. Matur nuwun.

Thursday 16 April 2009

Ndah, niki pidato bhs Jawane...



TANGGAP WACANA
PEPISAHAN SAKING WAKIL MURID
Assalamu’alaikum wr wb
Alhamdulillahirobbil’aalamin, wabihii nasta’iinu ‘alaa umuurid dun-ya wad diin. Was shalaatu was salaamu ‘alaa sayyidil mursaliin. Sayyidinaa wa maulaana muhammadin wa’alaa ‘aalihiiwa sahbihi ajma’iin amma ba’du.
Bapak kepala sekolah ingkang dahat kula kurmati, Bapak/Ibu Guru ingkang dahat kinurmatan. Rencang saha adhik-adhik ingkang kula tresnani.
Puja-puji syukur dhumateng Gusti ingkang Mahaagung, ingkang sampun angluberaken rahmat sarta hidayah. Dene kula panjenengan sami saged makempal wonten ing......(diisi tempat dimana dilaksanakan acara)...kangge ngawontenaken pepisahan.
Bapak/Ibu Guru ingkang dahat kinurmatan. Boten kantun kula minangka wakilipun putra-putri siswa kelas 6, ngaturaken agunging panuwun ingkang tanpa upami awit keikhlasan saha sih katresnan Bapak/Ibu Guru anggenipun nggulawenthah dhumateng para siswa.
Saengga saged ngrampungaken kewajiban ingkang sampun kalampahan sadangunipun.....(diisi berapa tahun)..tahun, kanthi pikantuk Serat Tandha Tamat Belajar.
Sadangunipun...(diisi berapa tahun lama sekolah)..tahun, kula ngangsu kawruh wonten ing pawiyatan...(diisi nama sekolah)..wonten ing panggulawenthahipun, ngantos wonten pangiketing batin saengga karengkuh putra-putri piyambak.
Bapak/Ibu Guru tuwin adhik-adhik ingkang satuhu kula kurmati saha kula tresnani. Sakedhap malih kula sarencang ninggalaken pawiyatan menika. Awrat anggen kula matur kados pundi raosipun nilar Bapak/Ibu saha adhik-adhik. Jaragan kawontenan kedah mekaten, pramila kapeksa kula kaliyan rencang-rencang nilaraken Bapak/Ibu saha adhik-adhik kelas. Sanadyan sampun pepisahan ingkang ateges tinebih ing netra, mawantu-wantu kula tansah nyenyuwun supados taksih celak ing panggalih.
Pawiyatan ingkang sampun matahun-matahun sampun tansah cecaketan kaliyan kula. Kula sarencang rumaos cuwa penggalih, badhe nilaraken pawiyatan menika. Kajarag kahanan saha kersaning Gusti. Panci wonten pepanggihan tamtu badhe wonten pepisahan. Menika kados sampun kinodrat boten kenging dipunewahi malih.
Kula sarencang kelas 6 ingkang badhe nilaraken pawiyatan menika tansah nyenyuwun lan ndedonga adhik-adhik sageda kasil anggenipun ngangsu kawruh wonten ing pawiyatan menika. Kula minangka wakilipun rencang kelas 6, tansah nyuwun gungan, mugi-mugi adhik-adhik sregep anggenipun sinau lan tansah ngaosi dhumateng Bapak Ibu Guru.
Boten kantun ugi kula dalah rencang kelas 6 tansah memuji dhumateng Gusti ingkang akarya jagad, supados Bapak/Ibu Guru saha adhik-adhik tansah pikantuk rohmating Gusti Allah Swt wilujeng boten wonten alangan punapa.
Kula kinten boten prayogi menawi atur pamitan menika kula pepanjang. Kula namung tansah nyuwun tambahing donga pangestu saking Bapak/Ibu Guru saha adhik-adhik. Sageda wilujeng saksampunipun medal saking pawiyatan menika lan sageda pikantuk SMP kangge ngangsu kawruh ngilmu ingkang langkung inggil.
Kula minangka wakil kelas 6 tansah nyuwun agunging panuwun ingkang tanpa upami. Semanten atur kula mbok bilih wonten kekiranganipun anggen kula matur, kula nyuwun agunging samudra pangaksami.
Akhirul kalam billahit taufiq wal hidayah
Wassalamu’alaikum wr. wb.
Share:

3 komentar:

Anonymous said...

Thank's atas pidatonya.Sebenarnya pidatonya tak buat tugas sekolah he he he...

malvina said...

Aku copas sesorahnya. Thanks, ya!

Unknown said...

mangga..

Main Menu