Sugeng rawuh ing "Sinau Jawa". Blog menika minangka salah satunggalipun pambudidaya nguri-uri kabudayan Jawa, tilaranipun linuhung Jawa. Nyuwun Pangapunten awit kathah kekiranganipun. Matur nuwun.

Wednesday 2 January 2013

Panyandra Penganten



Panyandra
Binarung swaraning gendhing Kodhok Ngorek, risang panganten kakung sampun kawistara manjing ing gapuraning pawiwahan. Saksana ginarubyug kadang sentana warga wandawa mapag praptane risang panganten kakung. Dumugi papan ingkang tumuju juru ampil kendhaga saking risang panganten kakung miwah putri samya lambang Sekar Kalpataru Dewandaru minangka tandha pracihna bebukaning upacara panggih.
Lon-lonan tindaking risang panganten kekalih. Sangsaya cedhak sangsaya caket samya apagut tingal. Tempuking pandulu mbabar raos geter salebeting manah, mila datan  saranta risang panganten putri gya ambalang gantal dhumateng ing raka inggih risang panganten kakung. Amung sakedhaping netra risang penganten kakung ugi ambalang gantal dhateng risang panganten putri.


(Wonten candhakipun..)
Share:
Lokasi: Pemalang, Indonesia

0 komentar:

Main Menu