Sugeng rawuh ing "Sinau Jawa". Blog menika minangka salah satunggalipun pambudidaya nguri-uri kabudayan Jawa, tilaranipun linuhung Jawa. Nyuwun Pangapunten awit kathah kekiranganipun. Matur nuwun.

Friday 25 April 2014

Dongeng: Kelangan Simbok

Kelangan Simbok
Ana manuk nusuh ing pang dhuwur, karepe supaya ora gampang diganggu dening sapa bae. Manuk loro lanang karo wadon kang nusuh iku sajake lagi padha seneng-seneng atine, momong anak-anake sing lagi bae mentas netes. Dhasar anak manuk sing isih cilik-cilik iku katon lucu-lucu, awake lemu nanging durung metu wulune. Saben-saben manuk cilik iku mangap-mangap karepe jaluk loloh utawa geguyon karo wong tuwane. Bareng anak-anake wis rada gedhe lan nduweni wulu, sok-sok ditinggal lunga bareng dening bapak lan emboke perlu holek pangan. Sakdurunge mangkat, bapak lan embokne tansah weling wanti-wanti supaya anak-anake padha sing ngati-ati lan aja padha tukaran.
Manuk iku pakanane uler sing dadi ama (hama) tetandure menungsa. Saben oleh pangan uler, kejaba dipangan dhewe ana ing ngenggon kono, liyane mesthi digawa mulih kanggo dipakakake marang anak-anake. Ana ing omah susuh, manuk cilik-cilik mau mesthi ngarep-arep tekane wong tuwane sing nggawa pangan, saking ora kantine banjur padha ngandhang ngiras dolan. Wah, kaya ngapa bungahe yen wong tuwane katon mulih nggondhol panganan kabeh padha cirak-cirak jogetan merga seneng atine. 

Adhuh, yen wis tiba apes nuju golek pangan kaya adat saben, manuk loro lagi enak-enak nucuki uler sing ngrubung tandurane menungsa, ora nyana babar pisan manuk wadon ditrepil bocah kena endhase.
Mesthi bae si manuk wadon niba megap-megap arep mati, dene sing lanang kaget terus mlayu mabur banget golek slamet.

Sadurunge mati, kanthi megap-megap manuk wadon iku sambat lan eling marang anak-anake kang ditresnani, upama bisa ngucap: “Adhuh ngger, simbok tekane pati, wis ngger ...... simbok ninggal kowe”. Bubar mengkono manuk wadon banjur les ....... mati.

Anak-anak manuk sing ana ing susuh padha ngarep-arep wong tuwane nggawa panganan, nanging suwe banget kok ora teka-teka. Saking padha ora kuwat nahan luhe, anak manuk cilik nanging wulune sing rada dawa padha mabur perlu golek pangan dhewe-dhewe.

Manuk lanang bapakne, bareng tekan susuhe kaget banget amarga anake padha ora ana, mula banjur lunga nggoleki mrana-mrene nanging ora ketemu.
Share:

0 komentar:

Main Menu