Sugeng rawuh ing "Sinau Jawa". Blog menika minangka salah satunggalipun pambudidaya nguri-uri kabudayan Jawa, tilaranipun linuhung Jawa. Nyuwun Pangapunten awit kathah kekiranganipun. Matur nuwun.

Monday 1 September 2014

UPACARA TINGKEBAN




Kathah ritual utawi pengetan ingkang dipuntindakaken  tiyang Jawi wiwit kuna makuna. Sedaya menika nggambaraken agenging kapitadosanipun tiyang  Jawi dhumateng Gusti Ingkang  Akarya Jagad. Saengga menapa kemawon nugraha ingkang dipuntampi dipuntengeri mawi upacara ingkang  mengku pandonga saha panuwun  dhumateng Gusti Ingkang Maha Mirah.
Acara tingkeban utawi kawastanan mitoni inggih menika satunggaling upacara ingkang dipuntindakaken  tiyang Jawi kangge mengeti jabang bayi umur 7 wulan wonten kandhutanipun ibu. Miturut para winasis, tembung mitoni asalipun saking tembung pitu, saged dipuntegesi pitutur, pituduh tumuju kasaenan lan kaluhuran. Wondene sacara medis, jabang bayi ngancik umur 7 wulan sampun nggadhahi wewujudan minangka manungsa kanthi wetah, pramila lajeng dipunpengeti kanthi ngawontenaken syukuran. Lampahipun upacara tingkeban dipunwiwiti kanthi sungkeman. Calon bapak lan ibunipun si jabang bayi sungkem dhumateng tiyang sepuh kalih-kalihipun ( saking pihak bapak rumiyin, kalajengaken dhumateng pihak ibu ). Salajengipun  acara siraman. Calon bapak nyebaraken sekar mlathi salebetipun genthong, calon ibu ngagem nyamping lan kemben  lenggah wonten panggenan ingkang sampun cumawis. Kanthi dipunampingi garwanipun, ibu ingkang ngandheg wau wiwit dipunsirami dening para sesepuh kakung putrid cacahipun pitung pasang. Ingkang  sepisan nyirami tiyang sepuh saking pihak kakung. Ibu marasepuh nyiramaken toya sekar ing pamidhangan kanan kering lajeng mustakanipun, makaten ngantos sedaya sesepuh rampung nyirami.
            Acara mecah tigan dipuntindakaken calon bapak, kaliyan ngendika : “ Lanang gelem, wadon gelem, waton slamet !  Tigan dipuntempelaken urut saking panglarapan, mandhap dumugi kandhutan, lajeng dipunpecah. Ukara ing nginggil nedahaken bilih kita kedah narima ing pandum punapa paringipun Gusti, putra kakung menapa putri sarta nyenyuwun supados bayi lair kanthi gangsar. Wekdal nggarisaken tigan wau badanipun calon ibu dipuntutup ngangge kain pethak ingkang nglambangaken suci.
            Purna mecah tigan dipunlajengaken upacara patut-patut. Ing acara menika calon ibu gantos busana kaping pitu. Busana wau mujudaken pilihanipun para sesepuh. Busana ingkang dipunagem pungkasan limrah dipunpilihaken nyamping “truntun” kaliyan kemben “ bangun tulak “ ingkang mengku teges lan panyuwunan supados pasangan ingkang badhe nampi momongan menika tansah rukun turun temurun saha tebih saking rubeda.
            Sasampunipun menika kalajengaken acara procotan cengkir ingkang ginambaran Kamajaya lan Kamaratih . Calon bapak milih salah satunggaling cengkir kanthi cara mungkur. Menawi ingkang kapendhet cengkir gambar Kamajaya, manut kapitadosan  bayinipun kakung. Suwalikipun bilih ingkang  kapendhet Kamaratih ateges bayinipun estri. Cengkir ingkang kapilih wau lajeng dipunemban ibu marasepuh sarta dipuntembangi kadosdene ngemban bayi. Salajengipun dipunpapras mawi bendho. Bilih toya ingkang  medal saking cengkir muncrat dipunpitadosi bayinipun kakung, nanging menawi tleser-tleser bayinipun estri.
            Acara salajengipun inggih menika syukuran ngiris tumpeng kalih. Pucukipun tumpeng ingkang setunggal dipunaturaken tiyang sepuh saking pihak bapak, dene setunggalipun malih kagem tiyang sepuh saking pihak ibu. Minangka acara pungkasan inggig menika  sadeyan rujak lan dhawet dening calon bapak ibunipun si jabang bayi. Punika nglambangaken supados bayi ing tembe nampi rejeki ingkang kathah salebeting nglampahi gesangipun.
Share:

0 komentar:

Main Menu