Main Menu

Pages

Thursday 12 July 2012

Gugon Tuhon



Gugon = wewatakan sing gampang banget, nggugu marang guneme wong utawa dongengan.
Tuhon = sipat utawa wewatakan sing gampang mituhu manut marang guneme wong utawa dedongengan. 
Dadi gugon tuhon iku watak kang gampang banget nggugu lan manut guneme wong utawa dedongengan sing maune ora perlu digugu amarga ora ana bukti nyatane. Para maca disumanggaaken "pracaya mangga maido kena". Manut wong-wong sing nggugu marang gugon tuhon mratelakake: yen ora nggugu marang gugon tuhon bakal nemu bebendu utawa sesiku kayata:
  1. Dadi memangsane Bathara Kala
  2. Bisa sengsara panguripane
  3. Bisa anake entek mati
  4. Bisa ora kedawa umure
Kanggo nebus kaluputane kudu disranani slametan, naggap wayang lakon "Murwa Kala" slametan kanggo ngilangi bebendu iku diarani "Mruwat"

1 comment: