Main Menu

Pages

Wednesday 16 October 2013

Geguritan: Aku Nglukis ing Sayuta Langit

Aku Nglukis ing Sayuta Langit
~ Turiyo Ragilputra ~
Delengen aku nglukis ing sayuta langit
kebak warna abang sing cinipta saka getih jaman luput ngandhut
banjur nindakake aborsi kanthi nguntal pil lintang
guguran getihe dakwadhahi genthong angen-angen kagelan
dene kuwase dakcipta nganggo rambut gunung njeblug
lan warna-warna endah liyane cinipta saka pecahan raga
nasib para glandhangan sing kasingkir merga impen
para pamuja patung adipura
O, Kadang-kadangku sing ora nate bosen nyawang lukisan
delengen lukisanku ing sayuta langit kae
kebak akrilik mata nangis, tangan nyadhong, lan sandhangan
Pating sranthil!
warna-warnane banget naturalis awit dumadi saka nyawa-nyawa
sing pecat tanpa dosa

No comments:

Post a Comment