Sugeng rawuh ing "Sinau Jawa". Blog menika minangka salah satunggalipun pambudidaya nguri-uri kabudayan Jawa, tilaranipun linuhung Jawa. Nyuwun Pangapunten awit kathah kekiranganipun. Matur nuwun.

Monday 14 March 2011

Wajibipun Tiyang Dados Guru


Kasebut ing dalem serat Wirit Hidayat Jati ingkang kaimpun déning Panjenengannipun swargi Radén Ngabéi Ranggawarsita pujangga ageng ing Karaton dhalem Surakarta Adhiningrat, kaecab ing kantor pangecapan N. V. My. t/v d/z Albert Rusche & Co taun 1908 ing Surakarta, ing kaca 19 dumugi 21 wonten katrangipun makaten:


Wajibipun tiyang dados guru punika wonten wolung prakawis.
1. Bangsaning Awirja, tegesipun bangsa luhur, ingkang taksih kadrajadan.
2. Bangsaning Agama, tegesipun bangsa ngulama ingkang ngalim ing kitab.
3. Bangsaning Atapa, tegesipun bangsa pandita, ingkang taksih ulah lampah.
4. Bangsaning Sujana, tegesipun bangsa linuwih, ingkang dados tiyang saé.
5. Bangsaning Aguna, tegesipun bangsa saged, ingkang ulah kasagedan.
6. Bangsaning Prawira, tegesipun bangsa prajurit, ingkang taksih kasub kaprawiranipun.
7. Bangsaning Supunya, tegesipun bangsa sugih, ingkang taksih kabagjan.
8. Bangsaning Supatya, tegesipun bangsa tani ingkang temen.

Déné panganggéning tiyang dados guru wonten wolung prakawis.
1. Paramasastra, tegesipun limpat ing sastra.
2. Paramakawi, tegespiun putus ing kawi.
3. Mardibasa, tegesipun saged memantes tembung.
4. Mardawalagu, tegesipun saged damel lemesing lalagon.
5. Awicarita, tegesipun sugih carios.
6. Mandraguna, tegesipun sugih kasagedan.
7. Nawungkrida, tegesipun lantip ing panglepasan.
8. Sambégana, tegesipun engetan.

Ugering tiyang dados guru wonten wolung prakawis
1. Mulus ing sarira, boten wonten cacadipun.
2. Asih ing murid, dén anggep putra wayah.
3. Talatén pamulangipun, boten mawi wigah-wigih.
4. Lumuh ing pamrih, boten darbé pangangkah punapa-punapa.
5. Tanggap ing sasmita, saged anampéni pasemoning murid.
6. Sepen ing panggrajangan, boten dados kinten-kintening murid.
7. Boten ambaèkaken pitakèn, (boten nyapèlèkaken).
8. Boten angendak kagunan.
9. Boten amburu aleman angunggul-unggulaken kasagedanipun.

Utamaning tiyang dados guru wonten wolung prakawis
1. Mulus ing sarira, boten wonten cacadipun.
2. Alus ing wicara, boten asring mimisuh miwah supaos.
3. Jatmika ing solah.
4. Antepan bubodènipun
5. Paramarta lelabuhanipun.
6. Pratitis ing nalaripun.
7. Saé lelabetanipun.
8. Boten darbe pakareman.

(Kapethik saking Mahabarata Kawedar dening R.M. Sutarta Harjowahana Timuran Solo taun 1933, Kaca: 28-29.
Gambar kapendhet saking: http://rialnamiraislamicschool.blogspot.com/2011/01/kode-etik-guru-indonesia.html)
Share:

0 komentar:

Main Menu