Sugeng rawuh ing "Sinau Jawa". Blog menika minangka salah satunggalipun pambudidaya nguri-uri kabudayan Jawa, tilaranipun linuhung Jawa. Nyuwun Pangapunten awit kathah kekiranganipun. Matur nuwun.

Saturday 22 January 2011

Tembang Maskumambang & Mijil

Para leluhur ing jaman rumiyin menawi maringi pitutur dhateng lare alit utawi para mudha dipunwujudaken tembang utawi kidung. Ingkang kathah wujud tembang macapat.Ing ngandhap punika sekar macapat anggitanipun panjenenganipun Ja’far Sodiq (Sunan Kudus).


1. Maskumambang menika saking kalih tembung: Mas tembung menika asalipun saking Premas tegesipun Punggawa wonten tata cara Shamanistis (Pangucap mantra kanthi nembang kalih kembang sesaji). Kumabang saking tembung ambang pikantuk seselan -um- lan panambang Ka- ingkang tegesipun ngapung, kamwang / kembang. Wonten Serat Purwaukara, Maskumambang tineges ulam toya (iwak kali), sahengga dipunsyarat kanthi gambar iwak nglangi.
Watak tembang punika: nelangsa
Kanthi guru wilangan, lagu lan gatra: [ 12i, 6a, 8i, 8a ] {4}


Sekar Maskumambang Laras Pelog Pathet Nem

Ke - lek ─ ke - lek bi - yung si - ra a - neng ngen - di,

eng - gal tu - lung a - na,

a - wak - ku ke - cem - plung wa - rih,

gu - la - ge - pan wis meh pe - jah.


Tegesing tembung:
Kelek-kelek : pindhane swara kuthuk
Biyung sira : ibumu, simbokmu
Warih : banyu, toya ana blumbang.
Gulagepan : megap-megap (keblebeg banyu), angel anggone guneman
Pejah : mati

Dene tembang Maskumambang kasebut ngemu pitutur luhur: wong sing kahanane megap-megap durung kober/bisa tobat mulane njaluk pitulungan supaya dientaske saka panguripan/warihe.


2. Mijil tegesipun medhal, tembung menika wonten sesambetan sinonim kalian lawang boten tegesipun pintu lho, ananging jenising kembang kang gandanipun arum basa latin: Heritiera littoralis
Watakipun tembang punika: asih, tresna
Kanthi guru wilangan, lagu lan gatra: [ 12i, 6o, 10e, 10i, 6i, 6u ] {6}


Sekar Mijil Laras Pelog Pathet Barang


De - da - la - ne gu - na la - wan sek - ti,

ku - du an - dhap a - sor,

wa - ni nga - lah lu - hur we - ka - sa - ne,

tu - mung - kul - a yen di - pun du - ka - ni,

ba - pang den sim - pang - i,

a - na ca - tur mung - kur.


Tegesing tembung:
Guna : paedah, pinter
Sekti : wicaksana, jembar wawasane
Andhap asor : tatakrama ing pasrawugan ngajeni bekti marang: Allah, rosul, wong tuwa, guru, pimpnan. ora gumedhe/sombong
Wani ngalah : mawas dhiri / instropeksi. Bisa rumangsa (ora ruangsa bisa)
Wekasane : pugkasan, wasana


Tumungkul : ndingkluk, nggatekake
Duka : pitutur keras, wigati
Bapang : batantah-bantahan, pasulayan, tujuan tumindak sing ora becik diadohi/disingkiri.
Catur : guneman/omongan rerasan ala/ngrumpi, ngundhamana / menghujat.


Dene tembang Mijil kasebut ngemu pitutur luhur: Wong kepengin pinter lan manfaat (ngudi kautaman) kudu: 1) andhap asor, ora sombong, 2) gelem ngalah, 3) tawandhuk, ndhingkluk nggatekake yen dipundukani/kandani kang becik.
.
Share:

0 komentar:

Main Menu