Sugeng rawuh ing "Sinau Jawa". Blog menika minangka salah satunggalipun pambudidaya nguri-uri kabudayan Jawa, tilaranipun linuhung Jawa. Nyuwun Pangapunten awit kathah kekiranganipun. Matur nuwun.

Saturday 17 December 2011

Asal-Asale Kutha Pekalongan


Dek jaman biyen ing pesisir Laut Jawa sisih lor tengah iku alas gung liwang-liwung alas ketel/lebat ora ana jalma menungsa sing wani liwat, anane mung kewan-kewan galak kayata ula, babi alas, macan lan munyuk. Critane alas iku mau dadi kerajaane bangsa lelembut, akeh wong-wong pinter sak kiwa tengene alas iku mau diwerahi yen koro iku kutho gedhe, ya ana pasare, ana perkantorane uga ana pabrike sing uga karyawane akeh kaya neng ndhonya iki.


Salah sawijining dina ana pawongan sing duwe arep gawe petilasan mbesuk yen ana rejane jaman kanggo omah sak ana putune. Yaiuku papan sing kepenak iku ya sak kiwo tengene alas iku. Alas iku arane alas nggambiran sing duwe tetenger ana wite gambir sing gedhe dhoyang nang pinggir kali, wit iku yen disawang saka kadohan paling dhuwur dhewe, lan saking gedhene lan umure pancen wis tuwa nganti oyate wae tekan pertapane Ki Ageng Cempaluk ing Kesesi cekake crita Pawongan sing dawe pikiran gawe pertapan petilasan iku mau Putrane KiAgeng Cempaluk Kesesi sing ngadepi bangsa lelembut sing nguasani alas pesisir pulo Jawa sisi lor iku mau. 

Bangsa lelembut iku mau ratune arena Ibu Dewi Lanjar critane putra mantune Nyi Roro Kidul sing wis kondhang ngratoni pesisir Laut Jawa Kidul. Ora gampang ngadepi Dewi Lanjar, nanging kanthi Kapitayan Ki Baureksa nguthik pengusaku jare Ibu Dewi Lanjar. Kanthi sarana tapa ngalong iku mau Ki Baureksa sukmane bisa nguthik panguasaku jare Ibu Dew Lanjar. Kanthi tekat bualate Ki Baureksa iku mau bisa nandhingi kepinterane Dewi Lanjar lan pungkasane Dewi Lanjar ngijini mbukak alas ngambran kanggo papan pertapane lan papan dununge anak putune Ki Baureksa papan iku diareni Desa Pekalongan.

Desa iku sing saya suwe sang saya rame, akeh wang manca padha teka numpak prau layar, akeh prau sing ngranjing ing pante iku, terus pante iku diareni Pelabuhan Boom. Wong manca mau padha arep dagang tekane saka Tiongkok, nanging karo ki Baureksa mung dijini dagang ona ing Pekalongan ing sisih lor, ora kena ngidul, tekan seprena wong-wong Tiongkok sing dagang akehe mung ono Pekalongan ing sisih lor, lan rikala semana Ki Baureksa lakune selat ngidul, mengko dadine kutha bakale manut lakune Ki Baureksa saka lor selat mengidul.

Share:

0 komentar:

Main Menu