Sugeng rawuh ing "Sinau Jawa". Blog menika minangka salah satunggalipun pambudidaya nguri-uri kabudayan Jawa, tilaranipun linuhung Jawa. Nyuwun Pangapunten awit kathah kekiranganipun. Matur nuwun.

Wednesday 14 December 2011

Tembang Dhandhanggula

Yogyanira kang para prajurit,
lamun bisa sami hanulada,
duk ing nguni caritane,
andelira sang Prabu,
Sasrabahu ing Maespati,
aran patih Suwanda,
lelabuhanipun,
kang ginelung triprakara,
guna kaya purun ingkang den antepi,
Suwanda mati ngrana.


Tembang Dhandanggula ingkang dipunanggit dening Sri Mangkunegara IV ing nginggil nyariyosaken bab kapahlawanan Bambang Sumantri ingkang sampun dados maha patih ing Maespati kanthi jejuluk Patih Suwanda.
Share:

0 komentar:

Main Menu