Sugeng rawuh ing "Sinau Jawa". Blog menika minangka salah satunggalipun pambudidaya nguri-uri kabudayan Jawa, tilaranipun linuhung Jawa. Nyuwun Pangapunten awit kathah kekiranganipun. Matur nuwun.

Thursday 7 February 2013

Geguritan : Donga Bocah Piatu

Gusti, durung kober dakrukti jisime ibu
sing mati kaliren ing pinggir dalan
mati kaku marga ngrungkebi sesantine tembang kamakmuran
“Iki jaman mardika. Pembangunan ginelar kanggo
kamulyan para kawula”
(nanging apa urip cukup wareg mangan sesorah
sedheng para pepriman isih pating slarah)

gusti, upama aku entuk blaka
wiwit wingi weteng iki durung klebon sega
senajan ujaring kandha kita iki wis mardika
pembangunan dadi program kapisan, kamakmuran
janji manis saka kabeh pengendhali lis peprentahan
“nanging apa cukup manungsa mung urip karo janji
Sedheng kacintrakan tansah mbujung urip iki?”

gusti, najan wis dakgawa kabeh sanggan panandhang
meyang endi kudu nglabuhake sesurange nasib
kamakmuran iki panggah angel diranggeh
sagagang kembang cempaka uga wis kadhung alum
sadurunge kober daksawurake ing makame ibu
sing dadi kurban atas nasib sapait rempelu

# Karya: Turiyo Ragil Putro
Share:

0 komentar:

Main Menu