Sugeng rawuh ing "Sinau Jawa". Blog menika minangka salah satunggalipun pambudidaya nguri-uri kabudayan Jawa, tilaranipun linuhung Jawa. Nyuwun Pangapunten awit kathah kekiranganipun. Matur nuwun.

Friday 1 February 2013

Nulis Surat Undhangan

Undhangan utawa ulem iku golongane layang iber-iber kang kaperang dadi loro, yaiku layang undhangan resmi lan layang undhangan kang asipat pribadi. Bedane biasane ana ing kop surat utawa kepala surat, nganggo nomer surat, tembusan, nganggo cap instansi utawa lembaga.
Undhangan utawa ulem kang asipat pribadi iku wujude werna-werna ana ulem sunatan, ulem mantenan, syukuran lan ulem ulang taun (ambal warsa). Ulem ulang taun antarane sing enom (bocah cilik) karo wong sing wis sepuh beda basane kudi digatekake bab unggah-ungguh basane.
Layang ulem iku layang kang surasane ngaturi kabar marang wong liya (kang dituju) dadi sesulih supaya kersa rawuh ing hajate sing ngulemi:
Perangane layang ulem umume:
1. Titimangsa
2. Salam pambuka/purwaka basa
3. Surasa basa/isi
4. Wasana basa/panutup
5. Peprenah
6. Jenenge sing ngulemi
7. Ndherek pangajeng ajeng

(ana candhake)
Share:

0 komentar:

Main Menu