Sugeng rawuh ing "Sinau Jawa". Blog menika minangka salah satunggalipun pambudidaya nguri-uri kabudayan Jawa, tilaranipun linuhung Jawa. Nyuwun Pangapunten awit kathah kekiranganipun. Matur nuwun.

Friday 18 September 2015

BEDHAHIPUN LOKAPALA



BEDHAHIPUN LOKAPALA

Ringkesing cariyos bilih ing negari Lokapala jumeneng satunggaling narendra ingkang kondhang sekti mandraguna, inggih punika ingkang ajejuluk Prabu Danapati. Sang Prabu kagungan aji-aji Pancasona. Kasektenipun Sang Prabu sumebar ngantos negari Alengka. Mireng bilih Prabu Danapati kagungan aji Pancasona ndadosaken runtiking saha muringipun Dasamuka, amargi kaanggep madhani utawi ngembari katiyasipun Prabu Dasamuka. Lajeng Prabu Rahwana ngetingalaken watak angkara murkanipun, jail methakil, drengki srei, dahwen ati open lan legan golek dhadhakan. Prabu Dasamuka lajeng sesumbar “He … manungsa, sapa wani-wani ngembari kadigdayaningsun bakal ingsun tigas jangganira.”
Prabu Dasamuka rumaos kabrangas atinipun lajeng kagungan sedya nglurug dhateng negari Lokapala badhe dipundamel sekarang abang, kamangka Prabu Danapati tasih kaprenah kadang wredhanipun. Sedyanipun Prabu Dasamuka badhe mbedhah negari Lokapala boten dipunsarujuki dening sawetawis kadhang-kadhangipun. Nanging Dasamuka boten nggega tetep mberung badhe mejahi Prabu Danapati kanthi sesanti “Ing salumahing bumi iki, kang duweni hak ndarbeni aji Pancasona mung dheweke dhewe, liyane ora kena lan ora oleh madhani.”
Kelampahan Lokapala saestu ginebag ing ayuda dening Dasamuka sawadya balanipun raseksa. Cacahing kurban tanpa wilangan. Saperangan ingkang dados kurban kawula alit ingkang boten ngertos kenthang kimpule perkawis. Sejatosipun Dasamuka boten gampil nelukaken Danapati, awit sami-sami digdayanipun. Perangipun saya dangu saya riwut, saya rame lan sansaya tambah kurbanipun ing kawula alit. Pramila, lajeng Bathara Guru utusan dhateng Bathara Narada supados misah anggenipun sami bandayuda. Prabu Danapati lajeng karangkul dening Bathara Narada, lajeng dhawuh “Wis wis wis, aja ko bacutake anggonmu padha bandayuda, mesakna kawulamu kang padha dadi kurban pating balasah kaya babadan pacing, mangertia Dasamuka iku dudu mungsuhmu.”
Danapati lajeng kasengkakaken dados Dewa, lajeng kaajak sesarengan minggah dhateng Kahyangan. Dasamuka  bingah sanget, rumaos menang, rumaos saged ngalahaken Danapati, marem atinipun boten wonten malih tiyang ingkang ngembari kadigdayanipun.
Share:

0 komentar:

Main Menu