Sugeng rawuh ing "Sinau Jawa". Blog menika minangka salah satunggalipun pambudidaya nguri-uri kabudayan Jawa, tilaranipun linuhung Jawa. Nyuwun Pangapunten awit kathah kekiranganipun. Matur nuwun.

Friday 18 September 2015

JAKA TARUB



JAKA TARUB

Jabang bayi kang diopeni Nyai Randha Tarub cepet gedhe jumbuh karo unen-unen bung pring petung. Bocahe bagus, gagah prakosa mula akeh prawan kang kepengin dadi pacangane. Wong-wong ing desa Tarub yen ngundang Jaka Tarub ngenut aran emak angkate yaiku Nyai Randha Tarub, tur ya pancen Jaka Tarub bocah kang kawentar ing desa Tarub.
Jaka Tarub senenge bebedhag esuk, awan, sore nyaking tulup arep nulup manuk. Awan kuwi nalikane kesel, leren ana ngisor wit gedhe. Jaka Tarub krungu suwara manuk ngoceh saya suwe saya rame malah kaya kacampuran suwara prawan sing lagi guyonan. Jaka Tarub banjur ngadeg mlaku mundhuk-mundhuk nggoleki asal-usuling suwara. Bareng nginjen sepira kagete Jaka Tarub jebul ana widadari cacah pitu lagi padha adus. Jaka Tarub umpetan luru cuthik kanggo nyuthik busanane widadari siji banjur diumpetake.
Widadari wis rampung anggone padha adus banjur mentas ngrasuk busana mabur bali Kahyangan. Widadari siji aran Nawangwulan sing ora bisa bali menyang Kahyangan amarga busanane ilang dumadakan nangis. Jaka Tarub nyedhaki celathune “Kisanak yagene sliramu nangis?” “Sandhanganku ilang dadi aku ora bisa bali,” wangsulane Nawangwulan. Jaka Tarub saguh nulungi banjur mulih njupuk sandhangane emake karo ndhelikake busana kawidadarene Nawangwulan ing ngisor tumpukan pari. Ora let suwe, Jaka Tarub wis bali ing pinggiring sendhang. Sandhangan diwenehake Nawangwulan karo celathu, “Kisanak sejatine aranmu sapa ta?” Nawangwulan wangsulan, “Aku Nawangwulan, lah kisanak sapa kok gelem nulungi aku?” Jaka Tarub wangsulan, “Aku Jaka Tarub". Ngene Nawangwulan, iki wayahe wis angslup surya kutuk marani sunduk lamun wanita dhewekan ana tengahing alas. Mulih menyang omahku wae ya?” Nawangwulan mangguk-mangguk ya pancen tembung kuwi kang diarep-arep.
Witing tresna jalaran saka kulina wusana Nawangwulan dadi bojone Jaka Tarub. Saben dinane nyambut gawe ngurusi pawon lan umbah-umbah. Sawijining dina nalikane lagi adang, Nawangwulan pamit marang Jaka Tarub arep ngumbahi menyang kali. Sadurunge mangkat menyang kali, Nawangwulan meling aja nganti Jaka Tarub mbukak nggone adang. Jaka Tarub nggraita genea bojone meling kaya ngono. Mula bareng Nawangwulan wis mangkat menyang kali, Jaka Tarub enggal-enggal menyang pawon mbukak dangdangan. Sepira kagete Jaka Tarub bareng dangdangan dibukak jebul ing kukusan mung ana pari sawuli, batine Jaka Tarub, ya bener pari ing lumbung ora entek-entek jebul Nawangwulan seprene iki yen adang mung sawuli. Kekeb enggal-enggal ditutupake maneh banjur lunga nunggoni anake wadon.
Mulih saka ngumbahi Nawangwulan menyang pawon arep ngentas dangdangane. Kaget Nawangwulan bareng mbukak kekeb jebul pari ing kukusan isih wutuh pari, banjur takon marang Jaka Tarub apa mau mbukak nggone adang. Jaka Tarub ora selak pancen mau mbukak dangdangan. Nawangwulan kandha wiwit saiki wis ilang kasektene mula Jaka Tarub kudu gawe lesung yen arep adang kudu nutu pari dhisik.
Pari ing lumbung cepet entek amarga saben arep adang parine mipil ditutu. Nuju sawijining dina nalika Nawangwulan njupuk pari nemu busana kawidadarene ana ing sab-sabaning pari. Busana dijupuk banjur dienggo. Cahyane sumunar enggal-enggal nemoni Jaka Tarub. Nawangwulan kandha menawa busana kawidadarene wis ketemu, dheweke njaluk pamit arep bali menyang kahyangan. Jaka Tarub kaget sakala lemes dhedhes kaya Baladewa ilang gapite.
Jaka Tarub takon yen nganti Nawangwulan sida bali menyang Kahyangan mengko angger Nawangsih nangis njur kepiye? Nawangwulan kongkon supaya Jaka Tarub gawe anjang-anjang samangsa-mangsa Nawangsih nangis supaya diselehake ing kono. Mengko Nawangwulan bakal teka lan nyesepi ana ing anjang-anjang amarga wis ora gelem ngidak lemah maneh. Nawangwulan nyedhaki Nawangsih, anake wadon. Dielus-elus sarta diambungi tumuli mabur bali menyang Kahyangan. TAMAT.  
Share:

0 komentar:

Main Menu