Main Menu

Pages

Thursday 17 November 2011

Dewi Kunthi


Dewi Kunthi iku putrane Prabu Kunthiboja lan Dewi Bondasari. Prabu Kunthiboja iku raja ing Mandura. Dewi Kunthi digarwa Prabu Pandhudewanata ratu ing Nagari Astina.
Duwe putra telu yaiku Raden Puntadewa, Raden Werkudara, lan Raden Arjuna. Dewi Kunthi uga nduweni putra pupon saka Dewi Madrim yaiku garwane Prabu Pandhudewanata kang nomer loro aran Nakula lan Sadewa. Putra lima iku sejatine keturunane para dewa. Dewi Kunthi nduweni mantra Adityahredaya kang bisa nekakake para dewa lan sekabehe panjaluke bakal dituruti. (Kapethik saking Ngudi Wasis Basa Jawa VII)

No comments:

Post a Comment