Main Menu

Pages

Thursday 17 November 2011

Yudhistira


Yudhistira iku putra pambarepe Prabu Pandhu Dewanata karo Dewi Kunthi.
Sadulure nunggal ibu ana loro, yaiku Bratasena lan Janaka. Sadulur nunggal bapa seje ibu uga ana loro, yaiku Nakula lan Sadewa. Sedulur lima mau diarani Pandhawa. Sesebutan liyane yaiku Puntadewa, Darmakusuma, Darmaputra, Dwijakangka. Tata lair Yudhistira iku putrane Dewa Darma, mula Yudhistira uga diarani Darmaputra. (Kapethik saking Ngudi Wasis Basa Jawa VII)

No comments:

Post a Comment