Sugeng rawuh ing "Sinau Jawa". Blog menika minangka salah satunggalipun pambudidaya nguri-uri kabudayan Jawa, tilaranipun linuhung Jawa. Nyuwun Pangapunten awit kathah kekiranganipun. Matur nuwun.

Thursday 24 November 2011

Geguritan




Gurit          : tulis, garit, nggarit nganti nandes.
Geguritan     : tulisan kang becik, tumata basane, sastrane lan tumata tembung-tembunge.


Guritan bisa nyritakake bab apa bae. Kayata crita becik alan ala.
Wujude geguritan : ditulis padha karo puisi sebab geguritan iku kalebu kasusastran Jawa anyar (modern).

Carane maca geguritan:
a.      Mangerteni isi critane geguritan:
a)      Diwaca kabeh
b)      Ngerti tegese tembung siji-sijine
c)      Ngerti karepe ukara/kalimat
d)      Ngerti karepe saben paragraph
e)      Ngerti karepe/isine geguritan

b.      Nyinau Wirama
a)      Intonasi saben tembung lan ukara
b)      Pedhotan tembung/ukara kudu cocog karo karepe (prentah, crita, nesu, seneng, susuah, lsp.).
c)      Laya (ucapan yen ana tembung pungkasane konsonan ketemu vocal kudune luluh).
Tuladha:
-                   Aja udan-udan
-                   Wis aku bae sing lunga
d)     Maca vocal sing cetha (swara miring apa jejeg).

c.       Wiraga : ulah : ekspresi
-          Polatan : ulat wajah
-          Obahe sarira prasaja

 (Gambar kapendhet saking: http://www.antarafoto.com/seni-budaya/v1268908201/festival-geguritan)
Share:

0 komentar:

Main Menu