Sugeng rawuh ing "Sinau Jawa". Blog menika minangka salah satunggalipun pambudidaya nguri-uri kabudayan Jawa, tilaranipun linuhung Jawa. Nyuwun Pangapunten awit kathah kekiranganipun. Matur nuwun.

Monday 28 November 2011

TULADHA PASRAH PENGATIN PRIYA WONTEN ING SALEBETING PAHARGYAN MIDODARENI

            Mahardikeng tyas ring kamardikan nugraha miwah sih wilasanipun gusti ingkang maha agung mugi anggung sumandha wonten ing jiwangga kita sawegung waradin sagung dumadi, raharja, niskala satuhu.
Mligi tumrap para rawuh ingkang angrasuk agami islam
             
Assalamualaikum Wr.Wb.
       
            Sabda minangka panggeh, tembung minangka kekenceng, inggih wacana minangka panancang.

Netepi darmaning kekadangan turta sampun sumanggem mring sesanggeman, keparenga kula marak ing ngarsa panjenengan, awit titiwanci punika kula kadhawuhan dening bapak WISNU WARDANA  sekaliyan, kinen matur dhumateng bapak ABDUL NGOFUR  sekaliyan.
            Ingkang punika keparenga kula hamurweng gati.

Bapak WAHYU HASTANTO ingkang minangka sulih sariranipun bapak ZAENURI  sekaliyan ingkang kinurmatan.

Sepisan                       : kepareng matur bilih sowan kula sakadang saking PEMALANG  ngantos dumugi ing ngriki tansah manggih wilujeng, boten wonten pepalang menapa. Sedaya awit saking berkahing Gusti ingkang lumantar pangestu panjenengan.

Ingkang angka kalih          : lumantar kulo bapak WISNU WARDANA   sekaliyan ngaturaken salam taklim mugi katur dumateng bapak ZAENURI sekaliyan.

Ngancik ingkang angka tiga, inggih tritiyeng gati pisowan kulo mestuti dhawuhipun bapak WISNU WARDANA  sekaliyan turta jumbuh kaliyan rancangan sowan kulo sakadang. Dalu punika sampun angganti calon pengantin priya pun HERU PRASETYA pramila tumunten kula pasrahaken dhumateng bapak WAHYU HASTANTO sekaliyan sinartan panyuwun mugi keparengan amaringi wewarah, wewuruk sangu-sanguing abalewisma
           
Bapak WAHYU HASTANTO ingkang kinurmatan sowan kulo sakadhang ing dalu punika ugi kinanten uba rampe saha sarat sarana ingkang sanadyan wujud sarta ajinipun boten sepintena nanging mugi sedaya saget dados sarat sarana murih raket supeketing kekadhangan ingkang antawisipun keluarga bapak ZAENURI kaliyan keluarga WISNU WARDANA ing ngriki. Sedaya kula pasrahaken dhumateng bapak WISNU WARDANA sekaliyan
           
Bapak ABDUL NGOFUR inkang kinurmatan kirang trep hambok bilih anggen kulo matur anggandhar-andhar angendhukur. Pramila damar mancung cinupet semanten atur kulo hambok bilih anggen kula matur kathah kirangipun keparengan hambedhah kuthaning pangapsami

Minangka panutuping atur Wassalamu’alaikum Wr. Wb.

Share:

1 komentar:

Anonymous said...

alo hafid

happynewyearspart1blogspot.com
muhamadsb-tekhnologipendidikan.blogspot.com

muhamad subarkah

Main Menu