Sugeng rawuh ing "Sinau Jawa". Blog menika minangka salah satunggalipun pambudidaya nguri-uri kabudayan Jawa, tilaranipun linuhung Jawa. Nyuwun Pangapunten awit kathah kekiranganipun. Matur nuwun.

Saturday 19 November 2011

Prabu Pandhudewanata

Pandhudewanata iku putrane Begawan Abiyasa utawa Prabu Kresnadipayana ratu ing Ngastina. Duwe sedulur loro yaiku kangmase aran Destarasta lan adhine aran Yamawidura.
Sawijining dina Pandhu ditimbali ingkang Rama. "Ngene ya Pandhu, ala tanpa rupa, Destarasta iku kadangmu. Yen kowe rabi sepisan bae banjur telu, mangka kakangmu durung. Lha yen nganti kakangmu serik, kasarane koklangkahi apa ora bakal gawe laraning kakangmu? Upamane takjaluk rilamu, putri telu kuwi salah siji kokrilakake dadi jodho dhaupe kakangmu kepriye?" Prabu Pandhu banjur mangsuli, "Kula kantun ndherek kaparengipun Kanjeng Rama lair batin." Ramane nimpali, "Pandhu, kakangmu gelem nanging sarate kudu milih Kunthi, Madrim , apa Gendari." Pandhu mangsuli, "Inggih Rama kula eklas." Destarastra banjur milih Gendari. Pandhu kadhaupake karo Kunthi lan Madrim.


Prabu Pandhu nduweni sifat kang becik, gagah prakosa, semana uga kakange Prabu Destarastra lan adhine Yamawidura. Nanging bedane kakange duwe cacad netra lan adhine cacad pincang. Prabu Pandhu iku duwe putra lima saka ibu Kunthi lan Madrim, yaiku Yudhistira, Bimasena, Janaka, Nakula, lan Sadewa kang asring kasebut Pandawa. Prabu Destrastra duwe putra satus saka ibu Gendari kang kondhang aran Kurawa kayata Duryudana, Dursasana, lan liya-liyane. Amarga Destrarastra cacad netra, banjur Pandhu kang kajumenengake dadi ratu ing Ngastina nerusake ingkang rama Begawan Abiyasa.


(Kapethik saking Ngudi Wasis Basa Jawi VII)
* Gambar kapendhet saking http://i640.photobucket.com/albums/uu125/hrayana/Wayang%20Kulit/Amarta%20Kingdom/pandu.jpg
Share:
Lokasi: Pemalang Regency, Indonesia

0 komentar:

Main Menu