Sugeng rawuh ing "Sinau Jawa". Blog menika minangka salah satunggalipun pambudidaya nguri-uri kabudayan Jawa, tilaranipun linuhung Jawa. Nyuwun Pangapunten awit kathah kekiranganipun. Matur nuwun.

Wednesday 11 January 2012

Asal-usulipun Kabupaten Blora lan Ajaran Saminisme



Kabupaten Blora wis kawentar ana ing papan endi wae. Miturut carita rakyat asal usul jeneng Blora saka tembung Belor sing duwe teges Lumpur. Wiwit jaman kerajaan Pajang nganti kerajaan mataram kabupaten Blora iku daerah sing apik ana ing pemerintah. Sejarahe yaiku Blora wektu dicekhel karo kadipaten jipang wiwit abad XVI sing isih dicekhel pemerintahan Demak yaiku Adipati Jipang sing jenenge Aryo Penangsang. Aryo Penangsang luwih misuwur nganggo jeneng Aryo Jipang. Daerah sing dikuasai yaiku Pati, Lasem, Blora, lan Jipang. Nanging sakwise Jaka Tingkir (hadiwijaya) ngwarisi tahta Demak pemerintahan lajeng  dipindahke ana Pajang dadi Blora iku mlebu kerajaan Pajang.


Kerajaan Pajang ora suwe dadi pemimpin amarga direbut karo kerajaan Mataram sing ana ing Kotagede Yogyakarta. Blora salah sijine wilayah saka Mataram Timur utawa daerah bang wetan. Wektu pemerintahan Paku Buwana I daerah Blora di wenehna anake sing jenenge Pangeran Blitar lan diwenehi gelar Adipati. Wektu Mataram ana ning tangane Paku Buwana II ana kedadean pemberontakan sing dipimpin karo Mangku Bumi lan Mas Sahid, Mangku Bumi bisa nguasai Sukowati, Grobogan, Demak, Blora lan Yogyakarta. Ing wektu sing bebarengan Blora uga ngangkat Wilaktika dadi bupati Blora. Perang Mangku Bumi rampung amarga ana perjanjian Giyanti sing misuwur nganggo jeneng palihan negari. Amarga perjanjian kuwi Mataram kabagi dadi 2 yaiku kerajaan Surakarta lan kerajaan Yogyakarta.
Ana ing Palihan negari, Blora dadi wilayah kasunan. Nanging Bupati Wilaktika ora gelem mlebu dadi daerah kasunan. Mula dheweke luwih milih mundur saka Jabatane. Wiwit jaman Pajang nganthi jaman Mataram kadipaten Blora pancen daerah penting kanggone pemerintah pusat kerajaan amarga Blora misuwur karo hutan jatine. Blora wis obah statuse saka apanage dadi daerah kabupaten wiwit dina kamis kliwon tanggal 2 suro tahun 1675 utawa tanggal 11 desember 1749 Masehi, sing nganthi saiki wis misuwur dadi Hari jadi Kabupaten Blora. Perlawanan rakyat Blora sing dilakoni petani ora ucul saka kondisi sosial lan ekonomi pedesaan sing ora apik wiwit akhir abad 19. Pembayaran pajak sing diterapke saka pemerintah kolonial belanda panci abot kanggo pemilik tanah. Mula wiwit tahun iku ana gerakan Samin sing dipelopori karo Samin Surosentiko.
Samin Surosentiko lahir ana ing desa ploso kedhiren, randublatung kabupaten Blora. Bapake Surosentiko jenenge Raden Surowijaya utawi luwih misuwur kanggo jeneng Samin Sepuh. Jeneng Samin Surosentiko sing asli yaiku Raden Kohar. Jeneng iki diubah dadi Samin yaiku jeneng sing nafase kerakyatan. Samin Surosentiko isih ana pertalian darah karo pangeran Kusumoningayu sing kuasa ana ing kabupaten Sumoroso pas tahun 1802 - 1826. Wiwit tahun 1890 Samin Surosentiko ngembangake ajaran ana ing daerah Blora. Akeh penduduk ana ing  desa sekitar sing tertarik karo ajarane. Wektu kuwi pemerintah kolonial belanda durung tertarik karo ajarane amarga dianggap dadi ajaran kebatinan biasa utawa agama anyar sing ora mbahayake kanggone pemerintah kolonial belanda. Wiwit tahun 1903 Residen Rembang nglaporake yen ana 722 wong pengikut Samin sing nyebar ana ing 34 desa ing Blora. Pemerintah kolonial Belanda mulai ngrasa was – was dadi akeh pengikut Samin sing ditangkap lan dipenjara.

Samin Surosentiko diangkat dadi ratu adil tanggal 8 November 1907 banjur diwenehi gelar prabu Panembahan Suryangalam. Banjur selang 40 dina sakwise kedadian kuwi, Samin Surosentiko ditangkap karo raden Pranolo yaiku asisten wedana randublatung. Sakwise ditangkap Samin karo 8 pengikute dibuwang ana ing luar Jawa lan mati tahun 1914. Tahun 1908, penangkapan Surosentiko ora madamake pergerakan Samin. Wong sorejo salah siijine pengikut Samin nyebarke ajaran didistrik Jawa, Madiun. Ana kene wong – wong desa sing padha dihasut supaya ora bayar pajak marang pemerintah kolonial belanda. Nanging Wongsorejo karo pengikute ditangkap lan dibuwang. Tahun 1911 Surohidin menantu Samin Surosentiko lan engkrak salah sijine pengikute nyebarke ajaran Samin ing daerah Grobogan. Karsiyah nyebarke ajaran Samin ing Kajen, Pati. Puncak gegere Samin amarga pemerintah kolonial Belanda mundake pajak, malah ing daerah Purwodadi wong – wong Samin wis ora maneh ngormati Pamong desa lan polisi uga ana ing distrik balarejo, Madiun. Ana ing Kajen Pati, Karsiyahh dadi pangeran Sendang janur ngelingna para bebrayan supaya ora bayar pajak. Ana ing desa Larangan wong – wong Samin uga nyerang aparat desa lan polisi.
Share:

0 komentar:

Main Menu