Sugeng rawuh ing "Sinau Jawa". Blog menika minangka salah satunggalipun pambudidaya nguri-uri kabudayan Jawa, tilaranipun linuhung Jawa. Nyuwun Pangapunten awit kathah kekiranganipun. Matur nuwun.

Tuesday 10 January 2012

Tuladha Panatacara Pambagyaharja

Mahardikeng tyas ring kamardikan, nugraha miwah sih wilasanippun gusti ingkang maha agung, mugi anggung sumandha wonten ing jiwangga kita sawegung waradin sagung dumadi raharja niskala satuhu.
Mligi katur para rawuh ingkang hangrasuk agami islam assalamualaikum wr wb.

Para sesepuh myang pinisepuh  ingkang pantes sinungkeman, para sanak kadang sentana warga pawong mitra ingkang tansah sinambrama ing pamboja, para rumaja putra rumaja putri ingkang tansah kinasih ing gusti,  waradinipun dhumateng sangyaning para rawuh kakung putri wreda mudha minulya.
Minangka purwakaning atur, keparenga kula ngaturaken pambagya wilujeng, saha ngaturaken gunging panuwuningkang tanpa pepindhan tumrap karawuhan panjenengan sedaya.
Ing salajengipun, mugi kepareng kula angambali atur uninga, bilih wontenipun pajenengan sedaya karawuhaken wonten ing wismanipun Bapak ………..( pamangkugati / yang punya hajat ) ing ri kalenggahan punika, wigatos kasuwun pangestu saha kasuwun anjenengi anggenipun amiwaha putri warujunipun (putri ingkang angka tiga) ingkang asesilih ……….( nama pengantin putri) pikantuk putra panenggakipun Bapak ………..( ayah pengantin putra ) sekaliyan saking …………( almt asal pengantin putra ) ingkang akekasih ………….( nama pengantin putra )
Lumantar kanthi puja-puji panjenengan sedaya kasebat, mugi-mugi gusti ingkang maha tunggal aparing nugraha agung dhumateng pengantin kekalih minggahipun ingkang sami mangun bebesanan. Mugi saged ambabar karahayon. Guyub rukun rerentengan reruntungan anggenipun sami mangun bebrayan/balewisma enggal widodo nir ing sambekala. Kadumugen ingkang sinedya, ing satemah mahanani bagya mulya yuwana air batos, ing donya prapteng dlahan.
Boten kasupen Bapak …………(pamangku gati ) ngaturaken angunging panuwun ingkang tanpa pepindhan tumrap paringipun dana ingkang maneka warni, ingkang boten saged kaaturaken satunggal baka satunggal. Pamangku gati sekaliyan boten saged caos tetimbangan punapa-punapa. Kejawi among tansah nyenyuwun dhumateng gusti ingkang murbeng titah. Mugi kepareng anglunturaken sih nugraha dumateng panjenengan sedaya, satraju kaliyan sih kadarman panjenengan.
Ing wasana damar mancung cinupet semanten atur kula hambok bilih wonten muna muni tandhang graying kitaling subosita kula titah sak wantah nyuwun agunging samudra pangapsami.  
 

(Kapundhut  saking tuladha medhar sabda panatacara mata kuliah berbicara asuhan Rama alm. Trontong Sadewa Unnes Semarang 2007)

Share:

0 komentar:

Main Menu