Sugeng rawuh ing "Sinau Jawa". Blog menika minangka salah satunggalipun pambudidaya nguri-uri kabudayan Jawa, tilaranipun linuhung Jawa. Nyuwun Pangapunten awit kathah kekiranganipun. Matur nuwun.

Tuesday 10 January 2012

Tuladha Panampi Pahargyan Midodareni



            Mahardikeng tyas ring kamardikan nugraha miwah sih wilasanipun gusti ingkang maha agung mugi anggung sumandha wonten ing jiwangga kita sawegung waradin sagung dumadi, raharja, niskala satuhu.
Tumrap para kadhang muslimin, muslimat, asalamualaikum Wr. Wb.
Minangka talangbasanipun bapak WISNU WARDANA sekaliyan keparenga kula pun WAHYU HASTANTO ngempil kamardikan para rawuh saperlu ananggapi pangandikan bapak WISNU WARDANA sekaliyan ingkang lumantar bapak ZAENURI

Bapak ZAENURI ingkang kinurmatan,
Trajuning sih saking bapak WISNU WARDANA  sekaliyan ingkang sampun rawuh Ing ngriki satuhu adamel bombong sarta mongkokipun bapak ABDUL NGOFUR sekaliyan.
Ingkang punika lumantar kula bapak ABDUL NGOFUR sekaliyan ngaturaken panuwun ingkang tanpa pepindhan.
Salajengipun ugi sampun kula tampi salam taklim saking bapak WISNU WARDANA  sekaliyan tumunten badhe kula aturaken dhumateng bapak ABDUL NGOFUR sekaliyan
Bapak ZAENURI ingkang minulyeng budhi rawuh panjenengan ingkang sampun anganthi calon pengatin priya pun dimas bagus HERU PRASETYA .adamel suka gembira manahipun bapak WISNU WARDANA  sekaliyan pramila kanthi raos bombong katampi pasrahipun calon penganten priya.
Ugi ngaturaken panuwun igkang tanpa upami tumrap sedaya sih peparingipun mugi hamimbuhi manunggaling tekad badhe sesarengan ngumpulaken balung apiah lumantar bebesanan. Salajengipun dhumateng bapak ZAENURI sakadang sumangga panjenengan sedaya kula dhereaken lelenggahan sinambi paring pangestu mugi calon pengatin anggenipun badhe nglampahi daup silakrama benjang enjang tansah pinaringan wilujeng nir ing sambekala.
Mekaten atur kula hambok bilih wonten atur kula ingkang kirang mranani penggalih panjenengan kula nyuwun lumunturing sih samudra pangaksami.
Wasalamualaikum wr.wb.
Gambar saking: http://www.google.co.id/imgres?q=pranatacara+jawa&um=1&hl=id&client=firefox-a&sa=N&rls=org.mozilla:en-US:official&biw=1366&bih=652&tbm=isch&tbnid=Mh4Zaspc7jwOFM:&imgrefurl=http://penerbitpinus.com/produk-230-.html&docid=E96VZooCOQ00tM&imgurl=http://penerbitpinus.com/foto_produk/92PRANATA%252520CARA.jpg&w=419&h=627&ei=LKcLT_mpH4OurAfmmrWUBA&zoom=1
  Karacik  dening Bapa alm.  Trontong Sadewa, SH.(Dosen MK Berbicara, PBSJ Unnes)

Share:

0 komentar:

Main Menu