Sugeng rawuh ing "Sinau Jawa". Blog menika minangka salah satunggalipun pambudidaya nguri-uri kabudayan Jawa, tilaranipun linuhung Jawa. Nyuwun Pangapunten awit kathah kekiranganipun. Matur nuwun.

Saturday 24 November 2012

Ayahane tembung sajrone ukara

Ayahane tembung sajrone ukara
Ukara yaiku tembung utawa kumpulaning tembung kang nduweni teges. Ukara mujudake wedharing karep kang jangkep.


Perangane ukara sing baku yaiku:
1. Jejer, yaiku samubarang kang dianggep duwe adeg dhewe sarta dadi bakuning gunem utawa wicara. Lumrahe wujud tembung aran utawa kang dianggep aran.
2. Wasesa, yaiku samubarang kang dadi caritane jejer. Lumrahe awujud tembung kriya. Ananging ana uga kang awujud tembung kaanan, aran, sesulih, wilangan, lsp.
3. Lesan, yaiku samubarang kang dadi watesing wasesa utawa nerangake wasesa.
4. Geganep, utawa pelengkap, yaiku samubarang kang kanggo njangkepi ukara.
5. Katrangan, yaiku kang dadi andharaning ukara.

Gatekna tuladha-tuladha ing ngisor iki!
1. Pitike mati
        J      W
2. Sutri nyapu latar
        J      W      L
Share:

0 komentar:

Main Menu