Sugeng rawuh ing "Sinau Jawa". Blog menika minangka salah satunggalipun pambudidaya nguri-uri kabudayan Jawa, tilaranipun linuhung Jawa. Nyuwun Pangapunten awit kathah kekiranganipun. Matur nuwun.

Monday 26 November 2012

Upacara Tingkeban

Acara Tingkeban utawi mitoni inggih menika satunggaling upacara ingkang dipuntindakaken tiyang jawi kangge mengeti jabang bayi umur 7 wulan wonten kandhutanipun ibu. Miturut para winasis, tembung mitoni asalipun saking tembung pitu, saged dipuntegesi pitutur, pituduh tumuju kasaenan lan kaluhuran. Wondene, miturut ilmu medhis, jabang bayi ngancik umur 7 wulan sampun nggadhahi wewujudan minangka manungsa kanthi wetah, pramila lajeng dipunpengeti kanthi ngawontenaken syukuran.

(wonten candhakipun)
Share:
Lokasi: Pemalang, Indonesia

0 komentar:

Main Menu