Sugeng rawuh ing "Sinau Jawa". Blog menika minangka salah satunggalipun pambudidaya nguri-uri kabudayan Jawa, tilaranipun linuhung Jawa. Nyuwun Pangapunten awit kathah kekiranganipun. Matur nuwun.

Thursday 29 November 2012

Bathik Pemalang Kawentar Merga Warna Alam

 Bathik Pemalang -- Batik Pemalang


(Motif bathik Pemalang, foto dipunpendhet ing Museum Batik "Pancaran Widuri" Pemalang)

Nate midhanget tembung Parang Curiga, Kepedhak, Gemek setekem lan Sawat Rante? Ya bener iku jenenge motif-motif bathik Pemalang. Akeh sing duwe penganggep yen bathik Pemalang padha karo  bathik Pekalongan. Dianggep mangkono amarga Pemalang iku melu wilayah eks Karesidenan Pekalongan. Anggepan iku ora salah wong jenenge bathik iku bageyan budaya sing sumebare liwat tiru-tiru (asimilasi). Wiwit mbiyen tumeka saiki sing jenenge motif bathik klasik kadidene Barong, Gringsing, Kawung, Rujak Senthe ing endi-endi ana,  kalebu ing Pekalongan lan Pemalang.

Bathik Pekalongan kawentar marga regane sing relatif murah, motife maneka warna, iki sing ndadekake para pengrajin bathik/pengusaha bathik ing Kabupaten Pemalang terasimilasi mbok iyaa motif bathik ing Pemalang iku sing maneka warna, regane terjangkau, merakyat. Salah sijine usaha, ikhtiyar kang kawentare bathik Pemalang yaiku kanthi nggawe bathik kanthi motif warna alam.

(Kapethik saking Panjebar Semangat kanthi ewah-ewahan).

Share:

0 komentar:

Main Menu