Sugeng rawuh ing "Sinau Jawa". Blog menika minangka salah satunggalipun pambudidaya nguri-uri kabudayan Jawa, tilaranipun linuhung Jawa. Nyuwun Pangapunten awit kathah kekiranganipun. Matur nuwun.

Thursday 26 September 2013

Kidung Rumeksa ing Wengi

KIDUNG RUMEKSA ING WENGI


--Dhandhanggula

ana kidung rumeksa ing wengi
teguh hayu luputa ing lara
luputa bilahi kabeh
jim setan datan purun
paneluhan tan ana wani
miwah panggawe ala
gunaning wong luput
geni atemahan tirta
maling adoh tan ana ngarah ing mami
guna duduk pan sirna.*

Tembang Dandhanggula isi donga tetulak iku riptane Kanjeng Sunan Kalijaga. Menawa ditembangake ing tengah wengi, sing ngrungokake, menawa sing krungu mau bisa nglaras lan ngrasakake sarana ati, atine bisa kaya kegeret menyang papan sing adoh nglangut . Apamaneh sing nembangake sawijining simbah karo ngendhong putune kang lagi nangis kepiyer tengah wengi kaya diganggu lelembut. Ditembangake kaya mengkono, putune kang isih bayi dadi meneng enggone nangis, keturon ing gendhongane simbahe. Jim setan sing maune ngganggu kaya padha sumingkir, wedi dening ukarane tembang kang nggeterake ngemu daya magis.

TEMBANG Dhandhanggula 10 gatra (larik) isi donga tetulak iku, ana maknane ing saben gatra, yaiku :

(1) Ana kidung rumeksa ing wengi, tegese, ana tembang kang ngreksa utawa ngayomi jroning wengi.

(2) Teguh hayu luputa ing lara, tegese, santosa bagas waras ora kena lelara.

(3) Luputa bilahi kabeh, tegese, kabeh sing bisa gawe bilahi padha sumingkir.

(4) Jim setan datan purun, tegese, bangsa lelembut ora ana sing gelem nganggu gawe.

(5) Paneluhan tan ana wani, tegese, santhet lan tenung uga ora ana sing tumama.

(6) Miwah panggawe ala, tegese, uga bisa slamet yen ana panggaawene wong ala.

(7) Gunaning wong luput, tegese, uga bisa slamet yen ana guna-guna kang amaeka.

(8) Geni atemahan tirta, tegese, senajan geni iku panas, ora kuwawa ngobong dheweke awit geni iku malih adhem kaya kesiram tirta ( banyu).

(9) Maling adoh tan ana kang ngarah ing mami, tegese, mengkono uga tekane maling saka adoh kang arep tumindak culika colong jupuk ing omahe sing ngidung iku, gagal wurung enggone tumindak ala.

(10) Guna duduk pan sirna, tegese, Guna saemper tenung lan santhet, uga sirna, ora tumama.

Mengkono isine donga tetulak ing tembang iku, kanggo nulak tekane samubarang kang kang ala saka panggawene jim setan lan cendhalane wong jail-methakil kang seneng maeka liyan.@

(Djajus Pete).- (sumber : https://www.facebook.com/basajawa)


Sumberipun (Klik)
Klik ugi
Kidung Rumeksa ing Wengi 
Share:

0 komentar:

Main Menu