Sugeng rawuh ing "Sinau Jawa". Blog menika minangka salah satunggalipun pambudidaya nguri-uri kabudayan Jawa, tilaranipun linuhung Jawa. Nyuwun Pangapunten awit kathah kekiranganipun. Matur nuwun.

Thursday 26 September 2013

Tembung Camboran


Tembung Camboran utawa kata majemuk (komposisi) yaiku tembung loro utawa luwih sing digandheng dadi siji, lan tembung mau dadi tembung anyar sing tegese uda dadi melu anyar. Sing dikarepake anyar tegese dadi beda nalika tembung-tembung mau durung ditulis gandheng dadi tembung camboran.

Tuladha:
a. Lare angon tegese dudu bocah sing angon, nanging lare angon kuwi jenenge ula.
b. Buntut urang tegese dudu buntute urang nanging jenenge rambut sing njenthir ing githok.
c. Semar mendem tegese dudu semar sing lagi mendem nanging iku rane panganan sing digawe saka beras ketan.
d. Randha royal tegese dudu randha sing seneng royal nanging iku arane tape goreng.
e. Raja lele tegese dudu ratune lele nanging arane pari utawa beras.

Tembung camboran sing baku mung ana loro yaiku camboran wutuh lan camboran tugel.
a. Tembung camboran wutuh yaiku yen tembung sing dicambor isih wutuh.
     tuladha: dhadha menthok, raja lele, lsp.
b. Tembung camboran tugel yaiku menawa tembunge sing dicambor wis ora wutuh amarga diwancah utawa ditugel. sing ditugel bisa loro-lorone bisa uga mung salah siji tembunge.
    tuladha: panas atis --- dadi panastis; abot repot --- dadi botrepot; balung kulit --- dadi lunglit, lsp.

Share:

0 komentar:

Main Menu