Sugeng rawuh ing "Sinau Jawa". Blog menika minangka salah satunggalipun pambudidaya nguri-uri kabudayan Jawa, tilaranipun linuhung Jawa. Nyuwun Pangapunten awit kathah kekiranganipun. Matur nuwun.

Wednesday 25 September 2013

Bebasan lan Saloka



Bebasan lan saloka iku sejatine padha tegese yaiku unen-unen kang gumathok sing ajeg panganggone lan ukurane nganggo pepindhan. Tegese gumathok lan ajeg panganggone yaiku tembung-tembunge ora kena diowahi kanthi ngganti nganggo tembung liya uga ora kena dikramakake. Dene ukarane pepindhan tegese ukarane ora wantah utawa ora lugu nanging kanthi pangumpamaan.

Ananging ana saperangan para winasis sing mbedakake antarane bebasan karo saloka yaiku mapan ing bab sing dipindhakake. Menawa sing dipindhakake utawa sing diumpamakake iku uwonge diarani saloka, dene menawa sing dipindhakake  iku kahanane, tindak-tanduke utawa pakaryane uwong iku arane bebasan. 

Tuladha Saloka:
a. Kebo kabotan sungu tegese uwong sing rekasa uripe amarga kakehan tanggungan (anak).
b. Bathok bolu isi madu tegese uwong sing laire ora mingsra nanging kadunungan kaluwihan.
c. Gajah ngidak rapah tegese uwong sing nglanggar wewalere dhewe.


Tuladha bebasan:
a. Nglungguhi klasa gumelar ngibaratake mung kari nemu kepenake.
b. Nabok nyilih tangan ngibaratake nggawa cilaka nanging lumantar wong liya.
Share:

0 komentar:

Main Menu