Sugeng rawuh ing "Sinau Jawa". Blog menika minangka salah satunggalipun pambudidaya nguri-uri kabudayan Jawa, tilaranipun linuhung Jawa. Nyuwun Pangapunten awit kathah kekiranganipun. Matur nuwun.

Tuesday 8 October 2013

Aja ngomong waton, nanging ngomonga nganggo waton



Aja ngomong waton, nanging ngomonga nganggo waton

Tegese yen omong aja mung waton muni, nanging prayogane nggunakake landhesan sing gumathok, cetha bener, lan pener. Pepeling tumrap wong Jawa sing wose aja seneng glenyengan, ngrasani liyan, utawa nyatur wewadi sing ora pantes dingerteni wong akeh. Apa sing dikandhakake kudu cetha lan kepriye carane kandha kudu nganggo subasita, amrih ora nuwuhake panyakrabawa sing kleru (kleru penampa) tumrap sing diajak kekandhan.


----


Artinya jangan asal bicara, tetapi berbicaralah dengan menggunakan landasan yang jelas. Peribahasa ini juga merupakan larangan agar siapa pun tidak gampang berbicara, menyebarkan kejelekan orang yang belum terbukti kebenarannya. Selain itu, jika berbicara juga harus menerapkan sopan santun. Apa yang dibicarakan juga menggunakan tata krama yang benar sehingga tidak meninggalkan prasangka buruk.

(Artikel serupa :
Falsafah jawa : Aja Ngomong Waton, Nanging Ngomonga Nganggo Waton )
Share:
Lokasi: Pemalang, Central Java, Indonesia

0 komentar:

Main Menu