Sugeng rawuh ing "Sinau Jawa". Blog menika minangka salah satunggalipun pambudidaya nguri-uri kabudayan Jawa, tilaranipun linuhung Jawa. Nyuwun Pangapunten awit kathah kekiranganipun. Matur nuwun.

Wednesday 16 October 2013

Geguritan: Layang

Layang
~ Turiyo Ragilputra ~
Layang abang sing daktampa ngepasi bedhug ndrandhang
dudu saka rohmayati, erna, zaenatul, utawa endang
layang sing daktampa nalika aku ngadeg ing ngarep lawang
kakirim kanthi kilat nggawa ati mlerah kebranang
“Endi janjimu, Riyo?” mangkono unine ukara pambuka
aku njegreg kamitenggengen kaya tugu sela
“ngaku panggurit ukarane kaya pisuhe buta alengka
apa ora mboktiteni silir resep sing digawa samirana?”
Layang abang layang saka kadang
rasane sumringah kaya jamu cabe lempuyang
swarane ngumandhang kaya cumengklinge bonang
“aja lali kekudanganku, anak lanang”
layang abang saiki sumimpen ing njero ati
kareben dadi bengawan sing banyune terus mili
Share:

0 komentar:

Main Menu