Sugeng rawuh ing "Sinau Jawa". Blog menika minangka salah satunggalipun pambudidaya nguri-uri kabudayan Jawa, tilaranipun linuhung Jawa. Nyuwun Pangapunten awit kathah kekiranganipun. Matur nuwun.

Wednesday 16 October 2013

Geguritan: Rembulan

Rembulan
~ Turiyo Ragilputra ~
Rembulan ing dhadha langit kae
rambute nglawer tekan dhadhaku
apa sliramu ngerti rembulan liyane
si tangan alus sing banget wasis ngracik jamu?
anggur, kencur, apadene bratawali
pupur, gincu, lan esem panjiret ati
apa kudu dituku ing lokalisasi
dipondhong cara putri dililing kaya bayi
kangmangka prauku isih sendhen ing dermagamu, sri?
upama kudu digadhe pira tebusane
yen dituku pira regane
bakal daksembadani waton dudu wujud bandha donya
rerangken lamaran ora nganggo raja brana
tumuruna, tumuruna
dimen rembulan kae gelem leledhang ing taman
selagine aku isih kongang nyipta guritan
rembulan kekalang ing njero dhadha
sunare nyipta esem sadawane mangsa
Share:

0 komentar:

Main Menu