Sugeng rawuh ing "Sinau Jawa". Blog menika minangka salah satunggalipun pambudidaya nguri-uri kabudayan Jawa, tilaranipun linuhung Jawa. Nyuwun Pangapunten awit kathah kekiranganipun. Matur nuwun.

Wednesday 16 October 2013

Geguritan: Tangise Anak-anak Jaman

Tangise Anak-anak Jaman
- Turiyo Ragilputra -
Pirengna bareng lakune angin, swara gadhuh ngebaki langit
sawise mataun-taun kali kasatan banyu
lemah bengkah kasatan embun, lan jingglang purnama
kelangan gumyak bocah gojegan
O, ing kene wis maabad watu-watu gumlundhung sadawane wengin
nggawa geni kamurkan kesumat maut; paprangan!
Bumi tinindhih wit-witan ambruk
bleduge sumawur ngurugi swarga
Suprandene marang sapa kudu tetambuh
atas kepribaden sing ginadhe tangan mungsuh
Iki jaman tangise anak-anak piatu
jaman runtuhe eluh kacintakan kaum ibu
kembang luruh luntur lentrih
penyair bisu. Tangan kelu koncatan tasbih
musna regane muksa sukmane
Lan guritan kepayahan
ilang wujud
absurd!
Bosnia! Bosnia!
Ing endi papan kanggo ndhedher rasa asih
muji Allah kanthi ati wening pangucap fasih
sakliyane paprangan! Pirengna ing kalbumu
marang sapa bayi-bayi bakal necep banyu susu
marang sapa bocah-bocah takon kubure ibu
sadawane dalan, o, getih tumetes angganda wangi
tilase subur klanggo ndhedher tanduran mlathi
Pirengna, sepisan maneh, pirengna
sumiyut angin ing mangsa gugur
tintrime landhep samata pedhang
panglima perang sahabat Anshar
Ya, ya, Tsabit al Haq ing kene. Jiwane goncang
Labuh agama luput anggrayang
surban-surban putih kumampul ing kali Yordhan
binalang bathang kaum Israel!
Share:

0 komentar:

Main Menu