Sugeng rawuh ing "Sinau Jawa". Blog menika minangka salah satunggalipun pambudidaya nguri-uri kabudayan Jawa, tilaranipun linuhung Jawa. Nyuwun Pangapunten awit kathah kekiranganipun. Matur nuwun.

Thursday 12 July 2012

Crita Wayang


Crita wayang ana sing isih baku kasebut ana ing babon buku-buku sing wis ana, kalamangsane diowahi saprayogane. Ana uga crita wayang sing aran carangan. Carangan iku ing babon ora ana ganep, kaya unine ing carangan. Ning uga njupuk nyrempet sawenehing lelakon ing babon kono. Upamane crita "Bale sigala-gala", iku carangan, njupuk babon ing Serat Wiratha Parwa.

Saking pintere para dhalang lan uga kreatif, panjenengane bisa nganggit-anggit lakon anyar, iki jenenge crita rekan, upamane lakon "Semar Mantu".
Kang dianggep babon crita wayang:
  1. Mahabharata
  2. Ramayana
  3. Baratayudha
  4. Serat Rama
  5. Pustaka Raja
Share:
Lokasi: Pemalang, Indonesia

0 komentar:

Main Menu