Sugeng rawuh ing "Sinau Jawa". Blog menika minangka salah satunggalipun pambudidaya nguri-uri kabudayan Jawa, tilaranipun linuhung Jawa. Nyuwun Pangapunten awit kathah kekiranganipun. Matur nuwun.

Saturday 7 July 2012

Ringkesan Babagan Pacelathon

Pacelathon yaiku guneman antarane wong siji lan sijine, bisa wong loro, telu, utawa luwih kang lagi rembugan sawijining bab apa ta apa.

a.    Sapa bae sing bisa nindakake pacelathon?
       Coba tlitinen ing ing bebrayan!
Antarane :
- Bocah cilik karo bocah cilik.
- Bocah cilik karo sing wis dewasa.
- Bocah cilik karo wong tuwa.
- Diwasa karo diwasa.
- Wong tuwa karo diwasa.
- Wong tuwa karo wong tuwa.
- Anak karo wong tuwa, lsp.

b.    Basa apa bae kang digunakake menawa lagi padha rembugan?
Basane njumbuhake  (bahasanya menyesuaikan dengan siapa berbicara, keperluannya apa, dan dimana).
Upamane :
- Bocah cilik – bocah cilik (ngoko lugu),
- diwasa – diwasa (ngoko lugu),
- diwasa – sepuh / tuwa (krama alus),
- Sepuh – sepuh (krama alus, ngoko andhap),
- wong tuwa – bocah (ngoko lugu), lsp.

c.    Kepriye budi pakartine (prilakune) yen lagi rembugan?
Budi pakertine guneman antarane:
Guneman ora waton guneman, nanging guneman kudu nganggo waton (aturan).
Ngadege, lungguhe, obahe tangan uga becik nganggo waton.
Suwarane, banter lirihe becik nganggo waton.
Polatane (wajahe / pandangan) uga nganggo waton aja nganti mencereng-mencereng upamane.
Intonasine (lagune) uga nganggo aturan ora angger mbengok-mbengok.

d.    Ringkese: budi pakartine wong guneman lan tumindak apa bae becike eling marang empan lan papan.
Guneman kuwi karo sapa ?
Perlune apa ?
Ana ngendi papan panggonane ?
Basa lan sikape njumbuhake (menyesuaikan).
Share:

0 komentar:

Main Menu