Sugeng rawuh ing "Sinau Jawa". Blog menika minangka salah satunggalipun pambudidaya nguri-uri kabudayan Jawa, tilaranipun linuhung Jawa. Nyuwun Pangapunten awit kathah kekiranganipun. Matur nuwun.

Friday 13 July 2012

Tata Cara Adat Jawa

Tata cara adat Jawa iku werna-werna saka sajrone kandhutan tumekane pati. Tata cara adat kalebu gugon tuhon. Gugon tuhon iku lumrah dilaksanakake dening wong-wong sing percaya. Wong sing percaya lumrahe padha nggugu lan mituhu marang sakabehe ila-ilane leluhur. Ancas tujuane nglaksanakake tatacara mau murih rahayu lakune panguripan lan bisa katekan apa kang dadi sedyane.
Tata cara adat Jawa kaperang dadi 3 golongan:
  • Tata cara adat saka kandhutan - bocah
  • Tata cara adat saka bocah - diwasa
  • Tata cara kematian


                                                                


Werna-werna Tata Cara Adat Jawa, ing antarane yaiku:
  1. Ngupati = wilujengan kandhutan umur 4 sasi
  2. Mitoni   = wilujengan kandhutan umur 7 sasi
  3. Brokohan = wilujengan bayi lair
  4. Sepasaran = wilujengan bayi umur sepasar
  5. Selapanan = wilujengan bayi umur selapan
  6. Tedhak siten = wilujengan bayi umur 7 lapan / 7 sasi
  7. Tetesan = wilujengan bocah wadon sing lagi nggarap sari sepisan
  8. Khitanan = wilujengan bocah lanang sing lagi dikhitan
  9. Palakrama/nambut silane akrami = nikahan, perkawinan
  10. Surtanah = wilujengan kepaten (geblake)
  11. Mitung dina = wilujengan kepaten 7 dina
  12. Matang puluh = wilujengan kepaten 40 dina
  13. Mendhak (1) = wilujengan kepaten setaun
  14. Nyewu = wilujengan kepaten 1000 dina
  15. Midadarani = wengi sadurunge pala krama

(Sumber gambar saka:http://www.tembi.org/tembi/mitoni01.htm)
Share:

0 komentar:

Main Menu