Sugeng rawuh ing "Sinau Jawa". Blog menika minangka salah satunggalipun pambudidaya nguri-uri kabudayan Jawa, tilaranipun linuhung Jawa. Nyuwun Pangapunten awit kathah kekiranganipun. Matur nuwun.

Thursday 19 July 2012

Rama Wiwaha


Kacariyos, Prabu Rama punika sejatosipun dewa. Asmanipun Wisnu. Panjenenganipun manjanma dados manungsa tumurun saking kahyangan dhateng donya. Sadaya kalawau awit panyuwunipun para dewa sanesipun, amargi para dewa boten tentrem dipunganggu dening Nata Alengka inggih punika Dasamuka utawi Rahwana.

Salah satunggaling dinten, Prabu Rama tuwn Lesmana nembe ngumbara dhateng pundi-pundi, njajah dhusun nasak wana, dumugi nagari sanes. Nalika semanten nglangkungi nagari Widheha utawi Manthili. Ratu utawi rajanipun kaparingan asma Janaka. Kaleresan ing Nagari Manthili saweg ngawontenaken sayembara. Sinten ingkang saged menthang gandhewa pusaka kraton, badhe kapundhut mantu, pikantuk putranipunputri ingkang kaparingan asma Shinta.

Kathah ingkang tumut sayembara. Sadaya sami nyobi menthang gandhewa, sami ngedalaken karosanipun nanging boten sami kasil. Punapa malih menthang, njunjung kemawon boten kiyat. Nanging dumugi giliranipun Rama, gandhewa dipunjunjung lon-lonan, lajeng kapenthang kanthi gampil. Sakala gandhewa tugel tengah. Swantenipun gumludhug, kados mbudhegaken talingan. Ingkang sami ningali manahipun sami gumun. Minangka bebungahipun sayembara, pramila Rama pikantuk Ayu Shinta.

Upacara wiwaha mawi cara agengan utawi rame-rame. Dangunipun ngantos pinten-pinten dinten. Sasampunipun anggenipun gadhah damel bibar, kekalihipun lajeng kaboyong saking Nagari Widheha/Manthili dhateng nagari Kosala. Ing Nagari kasebutpenganten kekalih dipunsubya-subya mawi pahargyan mawarni-warni.

(saking Marsudi Basa lan Sastra Jawa;gambar saking google.com)
Share:

0 komentar:

Main Menu