Sugeng rawuh ing "Sinau Jawa". Blog menika minangka salah satunggalipun pambudidaya nguri-uri kabudayan Jawa, tilaranipun linuhung Jawa. Nyuwun Pangapunten awit kathah kekiranganipun. Matur nuwun.

Saturday 14 July 2012

Lampahan-lampahan ing Pustaka Raja Purwa



Jilid 1-37
  1. Manikmaya = nyariyosaken lairipun Manik lan Maya. Manik punika Bathara Guru, Maya punika Ismaya (Semar). Bathara Guru nguwaosi Kahyangan. Semar tumurun dhateng Marcapada. Nyariyosaken lairipun para dewa tuwin widadari.
  2. Ngruna-ngruni = nyariyosaken Prabu Sengkan turunan saking nagari Parangsari arsa ngayunaken dewi Angruna lan Angruni.
  3. Watugunung = nyariyosaken Raden Buduk (Radite) nata Gilingwesi lajeng krama kaliyan ibunipun piyambak sesilih dewi Shinta patutan putra cacah 28. Wusana sami musna dados naminipun wuku 30.
  4. Mumpuni = nyariyosaken dewi Mumpuni krama kaliyan Bathara Yamadipati nanging lajeng rinebat dening Bathara Naga Tamala. Lajeng ugi rebatan kaliyan Srigati Putranipun Bathara Wisnu ing Mendhangkamulan. Nanging wekasan dewi Mumpuni krama kaliyan Naga Tatmala.
  5. Pakukuhan = nyariyosaken Prabu Pakukuhan/Prabu Kanu/Prabu Sri Mahapunggung ing Purwacarita perang lumawan Prabu Dewaisa nata Gilingwesi. (wonten candhakipun)
Share:

0 komentar:

Main Menu