Sugeng rawuh ing "Sinau Jawa". Blog menika minangka salah satunggalipun pambudidaya nguri-uri kabudayan Jawa, tilaranipun linuhung Jawa. Nyuwun Pangapunten awit kathah kekiranganipun. Matur nuwun.

This is default featured slide 1 title

Go to Blogger edit html and find these sentences.Now replace these sentences with your own descriptions.This theme is Bloggerized by Lasantha Bandara - Premiumbloggertemplates.com.

This is default featured slide 2 title

Go to Blogger edit html and find these sentences.Now replace these sentences with your own descriptions.This theme is Bloggerized by Lasantha Bandara - Premiumbloggertemplates.com.

This is default featured slide 3 title

Go to Blogger edit html and find these sentences.Now replace these sentences with your own descriptions.This theme is Bloggerized by Lasantha Bandara - Premiumbloggertemplates.com.

This is default featured slide 4 title

Go to Blogger edit html and find these sentences.Now replace these sentences with your own descriptions.This theme is Bloggerized by Lasantha Bandara - Premiumbloggertemplates.com.

This is default featured slide 5 title

Go to Blogger edit html and find these sentences.Now replace these sentences with your own descriptions.This theme is Bloggerized by Lasantha Bandara - Premiumbloggertemplates.com.

Thursday, 17 January 2013

Tumpak Punjen lan Tumplak Punjen

Kabudayan Jawa nduweni upacara adat sing diarani tumpak punjen lan tumplak punjen. Upacara tumpak punjen iku katindakake ing kalane wong mantu kang kepiasan, dene tumplak punjen iku katindakake ing kalane wong mantu kang pungkasan.

Punjen tegese pundhi-pundhi utawa celengan. Tembung tumpak punjen maknane tumapak ngiseni celengan. Sarehdene lagi mantu sepisan, mula kudu ngati-ati anggone nanjakake lakune ekonomi. Para luhur paring pitutur kanthi pralambang utawa pasemon tumpak punjen menawa diwedharake mangkene. "Kowe kudu ngati-ati mecaki urip kang bakal kelakon, butuhmu isih akeh banget, mula sing gemi nastiti ngati-ati, nyelengana dhuwit saben dina."

Tumplak punjen uga pralambang lan pasemon. Tumplak tegese ngesok. wong kang mantu pungkasan mono karepe mung kari iku butuhe.
Share:

Wednesday, 2 January 2013

RANGKUMAN MATERI BAHASA JAWA KELAS 8 SEMESTER 1

RANGKUMAN MATERI (Saperangan alit)
BAHASA JAWA KELAS 8 SEMESTER 1

Crita Pengalaman Pribadi
Bab-bab kang perlu digatekake yaiku:
1.    Milih crita kang narik kawigaten, banjur critakna kanthi gaya lan penampilan kang ekspresif
2.    Critakna kanthi runtut
3.    Critakna kanthi ringkes
4.    Lancar anggone nyritakake
5.    Swarane (banter-rindhike) sacukupe.

Iklan
Iklan yaiku pangajak kang ditindakake kanthi dibolan-baleni. Lumrahe dibiwarake (disebarluaskan) mawa media cethak lan elektronik. Bab-bab kang perlu digatekake sajroning iklan iku ana loro (2) yaiku:
1.    Surasa (isi) iklan:     a. kudu objektif lan jujur
b. cekak lan cetha
c. ndudut ati (narik kawigaten)
2.    Basa iklan:     a. Gampang ditampa
b. Ukarane cekak, cetha lan ndudut ati
c. Gambare cetha, gampang dingerteni, ndudut ati, lan nggodha wong nganti kepengin nduweni, nuwuhake rasa kepengin ngerti lan nyoba.
d. Isine nyata lan ora ngapusi
e. Sipate ajak-ajak

Nulis Laporan Kunjungan
Nulis laporan kunjungan ing sawijining panggonan, bisa diwujudake kanthi jenis tulisan apa bae sakepengine penulis. Bisa wujud narasi, eksposisi, deskripsi, argumentasi, utawa persuasi. Kanggo nggampangake anggone gawe laporan, luwih becik nganggo urutan:
a.    Nemtokake tema.
b.    Ngumpulake bahan.
c.    Gawe cengkorongan (kerangka karangan).
d.    Ngembangake cengkorongan, dijlentrehake dadi ukara manut gagasan kang wis digawe.
e.    Menehi irah-irahan (judul).

Tembang Macapat
Guru gatra    : cacahing gatra utawa larik saben sapada (sabait) tembang.
Guru wilangan: cacahing wanda (suku kata) saben salarik.
Guru lagu    : tibaning swara vokal ing pungkasaning larik.

Ayahane tembung sajrone ukara
Ukara yaiku tembung utawa kumpulaning tembung kang nduweni teges. Ukara mujudake wedharing karep kang jangkep.
Perangane ukara sing baku yaiku:
1.    Jejer, yaiku samubarang kang dianggep duwe adeg dhewe sarta dadi bakuning gunem utawa wicara. Lumrahe wujud tembung aran utawa kang dianggep aran.
2.    Wasesa, yaiku samubarang kang dadi caritane jejer. Lumrahe awujud tembung kriya. Ananging ana uga kang awujud tembung kaanan, aran, sesulih, wilangan, lsp.
3.    Lesan, yaiku samubarang kang dadi watesing wasesa utawa nerangake wasesa.
4.    Geganep, utawa pelengkap, yaiku samubarang kang kanggo njangkepi ukara.
5.    Katrangan, yaiku kang dadi andharaning ukara.
Gatekna tuladha-tuladha ing ngisor iki!
1.    Pitike mati
        J        W
2.    Sutri nyapu latar
         J      W       L
3.    Salman nukokake bakso adhine
         J          W             P            L
4.    Bejo turu neng hotel
        J     W         K






Share:

Panyandra Penganten



Panyandra
Binarung swaraning gendhing Kodhok Ngorek, risang panganten kakung sampun kawistara manjing ing gapuraning pawiwahan. Saksana ginarubyug kadang sentana warga wandawa mapag praptane risang panganten kakung. Dumugi papan ingkang tumuju juru ampil kendhaga saking risang panganten kakung miwah putri samya lambang Sekar Kalpataru Dewandaru minangka tandha pracihna bebukaning upacara panggih.
Lon-lonan tindaking risang panganten kekalih. Sangsaya cedhak sangsaya caket samya apagut tingal. Tempuking pandulu mbabar raos geter salebeting manah, mila datan  saranta risang panganten putri gya ambalang gantal dhumateng ing raka inggih risang panganten kakung. Amung sakedhaping netra risang penganten kakung ugi ambalang gantal dhateng risang panganten putri.


(Wonten candhakipun..)
Share:

Main Menu