Wednesday, 16 October 2013
Geguritan: Layang
Geguritan: Rembulan
Geguritan: Aku Nglukis ing Sayuta Langit
Geguritan: Tangise Anak-anak Jaman
Geguritan: Bu Nyai
Geguritan: Manuk Podhang, Anakmu Pira?
Geguritan: Kidung Kamardhikan
gambar saking google.com
Thursday, 7 February 2013
Geguritan : Donga Bocah Piatu
sing mati kaliren ing pinggir dalan
mati kaku marga ngrungkebi sesantine tembang kamakmuran
“Iki jaman mardika. Pembangunan ginelar kanggo
kamulyan para kawula”
(nanging apa urip cukup wareg mangan sesorah
sedheng para pepriman isih pating slarah)
gusti, upama aku entuk blaka
wiwit wingi weteng iki durung klebon sega
senajan ujaring kandha kita iki wis mardika
pembangunan dadi program kapisan, kamakmuran
janji manis saka kabeh pengendhali lis peprentahan
“nanging apa cukup manungsa mung urip karo janji
Sedheng kacintrakan tansah mbujung urip iki?”
gusti, najan wis dakgawa kabeh sanggan panandhang
meyang endi kudu nglabuhake sesurange nasib
kamakmuran iki panggah angel diranggeh
sagagang kembang cempaka uga wis kadhung alum
sadurunge kober daksawurake ing makame ibu
sing dadi kurban atas nasib sapait rempelu
# Karya: Turiyo Ragil Putro
Thursday, 24 November 2011
Friday, 6 February 2009
Geguritanku- Sing Bener
SING BENER
jare wong jaman saiki jaman edan
jare sing ora melu edan ora keduman
akeh wong keder
akeh wong keblinger
mula tumindaka sing bener
sing bener omonganmu
sing bener kelakuanmu
sing bener..
men ora melu-melu keblinger
Semarang, 18 Desember 2008
Geguritanku-Lungaa Setan!
LUNGAA SETAN!
Lungaa setan!
Jalaran kowe wong dadi edan
Jalaran kowe wong dadi ora kelingan
Ora kelingan:
Yen urip nang dunya iku mung mampir
Mung mampir ngombe
Lungaa setan!
Lunga!!!
Semarang, Januari 2009


















