Showing posts with label Rangkuman Materi. Show all posts
Showing posts with label Rangkuman Materi. Show all posts
Friday, 18 September 2015
JAKA TARUB
JAKA TARUB
Jabang bayi kang diopeni Nyai
Randha Tarub cepet gedhe jumbuh karo unen-unen bung pring petung. Bocahe bagus,
gagah prakosa mula akeh prawan kang kepengin dadi pacangane. Wong-wong ing desa
Tarub yen ngundang Jaka Tarub ngenut aran emak angkate yaiku Nyai Randha Tarub,
tur ya pancen Jaka Tarub bocah kang kawentar ing desa Tarub.
Jaka Tarub senenge bebedhag
esuk, awan, sore nyaking tulup arep nulup manuk. Awan kuwi nalikane kesel,
leren ana ngisor wit gedhe. Jaka Tarub krungu suwara manuk ngoceh saya suwe
saya rame malah kaya kacampuran suwara prawan sing lagi guyonan. Jaka Tarub banjur
ngadeg mlaku mundhuk-mundhuk nggoleki asal-usuling suwara. Bareng nginjen
sepira kagete Jaka Tarub jebul ana widadari cacah pitu lagi padha adus. Jaka
Tarub umpetan luru cuthik kanggo nyuthik busanane widadari siji banjur
diumpetake.
Widadari wis rampung anggone
padha adus banjur mentas ngrasuk busana mabur bali Kahyangan. Widadari siji
aran Nawangwulan sing ora bisa bali menyang Kahyangan amarga busanane ilang
dumadakan nangis. Jaka Tarub nyedhaki celathune “Kisanak yagene sliramu nangis?”
“Sandhanganku ilang dadi aku ora bisa bali,” wangsulane Nawangwulan. Jaka Tarub
saguh nulungi banjur mulih njupuk sandhangane emake karo ndhelikake busana
kawidadarene Nawangwulan ing ngisor tumpukan pari. Ora let suwe, Jaka Tarub wis
bali ing pinggiring sendhang. Sandhangan diwenehake Nawangwulan karo celathu,
“Kisanak sejatine aranmu sapa ta?” Nawangwulan wangsulan, “Aku Nawangwulan, lah
kisanak sapa kok gelem nulungi aku?” Jaka Tarub wangsulan, “Aku Jaka Tarub".
Ngene Nawangwulan, iki wayahe wis angslup surya kutuk marani sunduk lamun
wanita dhewekan ana tengahing alas. Mulih menyang omahku wae ya?” Nawangwulan
mangguk-mangguk ya pancen tembung kuwi kang diarep-arep.
Witing tresna jalaran saka
kulina wusana Nawangwulan dadi bojone Jaka Tarub. Saben dinane nyambut gawe
ngurusi pawon lan umbah-umbah. Sawijining dina nalikane lagi adang, Nawangwulan
pamit marang Jaka Tarub arep ngumbahi menyang kali. Sadurunge mangkat menyang
kali, Nawangwulan meling aja nganti Jaka Tarub mbukak nggone adang. Jaka Tarub nggraita
genea bojone meling kaya ngono. Mula bareng Nawangwulan wis mangkat menyang
kali, Jaka Tarub enggal-enggal menyang pawon mbukak dangdangan. Sepira kagete
Jaka Tarub bareng dangdangan dibukak jebul ing kukusan mung ana pari sawuli,
batine Jaka Tarub, ya bener pari ing lumbung ora entek-entek jebul Nawangwulan
seprene iki yen adang mung sawuli. Kekeb enggal-enggal ditutupake maneh banjur
lunga nunggoni anake wadon.
Mulih saka ngumbahi
Nawangwulan menyang pawon arep ngentas dangdangane. Kaget Nawangwulan bareng
mbukak kekeb jebul pari ing kukusan isih wutuh pari, banjur takon marang Jaka
Tarub apa mau mbukak nggone adang. Jaka Tarub ora selak pancen mau mbukak dangdangan.
Nawangwulan kandha wiwit saiki wis ilang kasektene mula Jaka Tarub kudu gawe
lesung yen arep adang kudu nutu pari dhisik.
Pari ing lumbung cepet entek
amarga saben arep adang parine mipil ditutu. Nuju sawijining dina nalika
Nawangwulan njupuk pari nemu busana kawidadarene ana ing sab-sabaning pari.
Busana dijupuk banjur dienggo. Cahyane sumunar enggal-enggal nemoni Jaka Tarub.
Nawangwulan kandha menawa busana kawidadarene wis ketemu, dheweke njaluk pamit
arep bali menyang kahyangan. Jaka Tarub kaget sakala lemes dhedhes kaya
Baladewa ilang gapite.
Jaka Tarub takon yen nganti
Nawangwulan sida bali menyang Kahyangan mengko angger Nawangsih nangis njur
kepiye? Nawangwulan kongkon supaya Jaka Tarub gawe anjang-anjang samangsa-mangsa
Nawangsih nangis supaya diselehake ing kono. Mengko Nawangwulan bakal teka lan
nyesepi ana ing anjang-anjang amarga wis ora gelem ngidak lemah maneh.
Nawangwulan nyedhaki Nawangsih, anake wadon. Dielus-elus sarta diambungi tumuli
mabur bali menyang Kahyangan. TAMAT.
Monday, 1 September 2014
UPACARA TINGKEBAN
Kathah ritual
utawi pengetan ingkang dipuntindakaken
tiyang Jawi wiwit kuna makuna. Sedaya menika nggambaraken agenging
kapitadosanipun tiyang Jawi dhumateng
Gusti Ingkang Akarya Jagad. Saengga
menapa kemawon nugraha ingkang dipuntampi dipuntengeri mawi upacara
ingkang mengku pandonga saha
panuwun dhumateng Gusti Ingkang Maha
Mirah.
Acara tingkeban
utawi kawastanan mitoni inggih menika satunggaling upacara ingkang
dipuntindakaken tiyang Jawi kangge
mengeti jabang bayi umur 7 wulan wonten kandhutanipun ibu. Miturut para
winasis, tembung mitoni asalipun saking tembung pitu, saged dipuntegesi
pitutur, pituduh tumuju kasaenan lan kaluhuran. Wondene sacara medis, jabang
bayi ngancik umur 7 wulan sampun nggadhahi wewujudan minangka manungsa kanthi
wetah, pramila lajeng dipunpengeti kanthi ngawontenaken syukuran.
Lampahipun upacara tingkeban dipunwiwiti kanthi
sungkeman. Calon bapak lan ibunipun si jabang bayi sungkem dhumateng tiyang
sepuh kalih-kalihipun ( saking pihak bapak rumiyin, kalajengaken dhumateng
pihak ibu ). Salajengipun acara siraman.
Calon bapak nyebaraken sekar mlathi salebetipun genthong, calon ibu ngagem
nyamping lan kemben lenggah wonten
panggenan ingkang sampun cumawis. Kanthi dipunampingi garwanipun, ibu ingkang
ngandheg wau wiwit dipunsirami dening para sesepuh kakung putrid cacahipun
pitung pasang. Ingkang sepisan nyirami
tiyang sepuh saking pihak kakung. Ibu marasepuh nyiramaken toya sekar ing
pamidhangan kanan kering lajeng mustakanipun, makaten ngantos sedaya sesepuh
rampung nyirami.
Acara mecah tigan dipuntindakaken
calon bapak, kaliyan ngendika : “ Lanang gelem, wadon gelem, waton slamet !” Tigan dipuntempelaken urut saking
panglarapan, mandhap dumugi kandhutan, lajeng dipunpecah. Ukara ing nginggil
nedahaken bilih kita kedah narima ing pandum punapa paringipun Gusti, putra
kakung menapa putri sarta nyenyuwun supados bayi lair kanthi gangsar. Wekdal
nggarisaken tigan wau badanipun calon ibu dipuntutup ngangge kain pethak
ingkang nglambangaken suci.
Purna
mecah tigan dipunlajengaken upacara patut-patut. Ing acara menika calon ibu
gantos busana kaping pitu. Busana wau mujudaken pilihanipun para sesepuh.
Busana ingkang dipunagem pungkasan limrah dipunpilihaken nyamping “truntun”
kaliyan kemben “ bangun tulak “ ingkang mengku teges lan panyuwunan
supados pasangan ingkang badhe nampi momongan menika tansah rukun turun temurun
saha tebih saking rubeda.
Sasampunipun
menika kalajengaken acara procotan cengkir ingkang ginambaran Kamajaya lan
Kamaratih . Calon bapak milih salah satunggaling cengkir kanthi cara mungkur.
Menawi ingkang kapendhet cengkir gambar Kamajaya, manut kapitadosan bayinipun kakung. Suwalikipun bilih
ingkang kapendhet Kamaratih ateges
bayinipun estri. Cengkir ingkang kapilih wau lajeng dipunemban ibu marasepuh
sarta dipuntembangi kadosdene ngemban bayi. Salajengipun dipunpapras mawi
bendho. Bilih toya ingkang medal saking
cengkir muncrat dipunpitadosi bayinipun kakung, nanging menawi tleser-tleser
bayinipun estri.
Acara
salajengipun inggih menika syukuran ngiris tumpeng kalih. Pucukipun tumpeng
ingkang setunggal dipunaturaken tiyang sepuh saking pihak bapak, dene
setunggalipun malih kagem tiyang sepuh saking pihak ibu. Minangka acara
pungkasan inggig menika sadeyan rujak
lan dhawet dening calon bapak ibunipun si jabang bayi. Punika nglambangaken
supados bayi ing tembe nampi rejeki ingkang kathah salebeting nglampahi
gesangipun.
Thursday, 26 September 2013
Tembung Kerata Basa
By Unknown11:10:00Kawruh Basa, Kerata Basa, Materi Ajar Bahasa Jawa, Rangkuman Materi, Suplemen materi Bahasa Jawa
No comments:
Tembung Kerata Basa utawa jarwa dhosok yaiku negesi sawenehing tembung kanthi adhedhasar wanda-wandane tembung mau. Menawa dideleng wujude tembung mau dadi kaya cekakan utawa singkatan, nanging sejatine dudu amarga tembunge karo tegese anane dhisik tembunge. Sing perlu dingerteni menawa tegese tembung dadi memper utawa cocok karo kahanane mula ora saben tembung bisa digawe jarwa dhosoke.
Tuladha:
tebu --- tegese : antebing kalbu
garwa --- tegese : sigarane nyawa
gelas --- tegese : yen tugel ora kena dilas
piring --- tegese : sepine yen wis miring
kodhok --- tegese : teka-teka ndhodhok
kupluk --- tegese : kaku tur nyempluk
sirah --- tegese : isine rah
cengkir --- tegese : kencenging pikir, lan sapiturute.
Wednesday, 25 September 2013
Bebasan lan Saloka
By Unknown10:27:00Bahasa Jawa, Bebasan, Kawruh Kagunan Basa, Materi Ajar Bahasa Jawa, Materi Basa Jawa SMP, Rangkuman Materi, Saloka
No comments:
Bebasan lan saloka iku sejatine padha tegese yaiku unen-unen kang gumathok sing ajeg panganggone lan ukurane nganggo pepindhan. Tegese gumathok lan ajeg panganggone yaiku tembung-tembunge ora kena diowahi kanthi ngganti nganggo tembung liya uga ora kena dikramakake. Dene ukarane pepindhan tegese ukarane ora wantah utawa ora lugu nanging kanthi pangumpamaan.
Ananging ana saperangan para winasis sing mbedakake antarane bebasan karo saloka yaiku mapan ing bab sing dipindhakake. Menawa sing dipindhakake utawa sing diumpamakake iku uwonge diarani saloka, dene menawa sing dipindhakake iku kahanane, tindak-tanduke utawa pakaryane uwong iku arane bebasan.
Tuladha Saloka:
a. Kebo kabotan sungu tegese uwong sing rekasa uripe amarga kakehan tanggungan (anak).
b. Bathok bolu isi madu tegese uwong sing laire ora mingsra nanging kadunungan kaluwihan.
c. Gajah ngidak rapah tegese uwong sing nglanggar wewalere dhewe.
Tuladha bebasan:
a. Nglungguhi klasa gumelar ngibaratake mung kari nemu kepenake.
b. Nabok nyilih tangan ngibaratake nggawa cilaka nanging lumantar wong liya.
Wednesday, 2 January 2013
RANGKUMAN MATERI BAHASA JAWA KELAS 8 SEMESTER 1
RANGKUMAN MATERI (Saperangan alit)
BAHASA JAWA KELAS 8 SEMESTER 1
Crita Pengalaman Pribadi
Bab-bab kang perlu digatekake yaiku:
1. Milih crita kang narik kawigaten, banjur critakna kanthi gaya lan penampilan kang ekspresif
2. Critakna kanthi runtut
3. Critakna kanthi ringkes
4. Lancar anggone nyritakake
5. Swarane (banter-rindhike) sacukupe.
Iklan
Iklan yaiku pangajak kang ditindakake kanthi dibolan-baleni. Lumrahe dibiwarake (disebarluaskan) mawa media cethak lan elektronik. Bab-bab kang perlu digatekake sajroning iklan iku ana loro (2) yaiku:
1. Surasa (isi) iklan: a. kudu objektif lan jujur
b. cekak lan cetha
c. ndudut ati (narik kawigaten)
2. Basa iklan: a. Gampang ditampa
b. Ukarane cekak, cetha lan ndudut ati
c. Gambare cetha, gampang dingerteni, ndudut ati, lan nggodha wong nganti kepengin nduweni, nuwuhake rasa kepengin ngerti lan nyoba.
d. Isine nyata lan ora ngapusi
e. Sipate ajak-ajak
Nulis Laporan Kunjungan
Nulis laporan kunjungan ing sawijining panggonan, bisa diwujudake kanthi jenis tulisan apa bae sakepengine penulis. Bisa wujud narasi, eksposisi, deskripsi, argumentasi, utawa persuasi. Kanggo nggampangake anggone gawe laporan, luwih becik nganggo urutan:
a. Nemtokake tema.
b. Ngumpulake bahan.
c. Gawe cengkorongan (kerangka karangan).
d. Ngembangake cengkorongan, dijlentrehake dadi ukara manut gagasan kang wis digawe.
e. Menehi irah-irahan (judul).
Tembang Macapat
Guru gatra : cacahing gatra utawa larik saben sapada (sabait) tembang.
Guru wilangan: cacahing wanda (suku kata) saben salarik.
Guru lagu : tibaning swara vokal ing pungkasaning larik.
Ayahane tembung sajrone ukara
Ukara yaiku tembung utawa kumpulaning tembung kang nduweni teges. Ukara mujudake wedharing karep kang jangkep.
Perangane ukara sing baku yaiku:
1. Jejer, yaiku samubarang kang dianggep duwe adeg dhewe sarta dadi bakuning gunem utawa wicara. Lumrahe wujud tembung aran utawa kang dianggep aran.
2. Wasesa, yaiku samubarang kang dadi caritane jejer. Lumrahe awujud tembung kriya. Ananging ana uga kang awujud tembung kaanan, aran, sesulih, wilangan, lsp.
3. Lesan, yaiku samubarang kang dadi watesing wasesa utawa nerangake wasesa.
4. Geganep, utawa pelengkap, yaiku samubarang kang kanggo njangkepi ukara.
5. Katrangan, yaiku kang dadi andharaning ukara.
Gatekna tuladha-tuladha ing ngisor iki!
1. Pitike mati
J W
2. Sutri nyapu latar
J W L
3. Salman nukokake bakso adhine
J W P L
4. Bejo turu neng hotel
J W K
BAHASA JAWA KELAS 8 SEMESTER 1
Crita Pengalaman Pribadi
Bab-bab kang perlu digatekake yaiku:
1. Milih crita kang narik kawigaten, banjur critakna kanthi gaya lan penampilan kang ekspresif
2. Critakna kanthi runtut
3. Critakna kanthi ringkes
4. Lancar anggone nyritakake
5. Swarane (banter-rindhike) sacukupe.
Iklan
Iklan yaiku pangajak kang ditindakake kanthi dibolan-baleni. Lumrahe dibiwarake (disebarluaskan) mawa media cethak lan elektronik. Bab-bab kang perlu digatekake sajroning iklan iku ana loro (2) yaiku:
1. Surasa (isi) iklan: a. kudu objektif lan jujur
b. cekak lan cetha
c. ndudut ati (narik kawigaten)
2. Basa iklan: a. Gampang ditampa
b. Ukarane cekak, cetha lan ndudut ati
c. Gambare cetha, gampang dingerteni, ndudut ati, lan nggodha wong nganti kepengin nduweni, nuwuhake rasa kepengin ngerti lan nyoba.
d. Isine nyata lan ora ngapusi
e. Sipate ajak-ajak
Nulis Laporan Kunjungan
Nulis laporan kunjungan ing sawijining panggonan, bisa diwujudake kanthi jenis tulisan apa bae sakepengine penulis. Bisa wujud narasi, eksposisi, deskripsi, argumentasi, utawa persuasi. Kanggo nggampangake anggone gawe laporan, luwih becik nganggo urutan:
a. Nemtokake tema.
b. Ngumpulake bahan.
c. Gawe cengkorongan (kerangka karangan).
d. Ngembangake cengkorongan, dijlentrehake dadi ukara manut gagasan kang wis digawe.
e. Menehi irah-irahan (judul).
Tembang Macapat
Guru gatra : cacahing gatra utawa larik saben sapada (sabait) tembang.
Guru wilangan: cacahing wanda (suku kata) saben salarik.
Guru lagu : tibaning swara vokal ing pungkasaning larik.
Ayahane tembung sajrone ukara
Ukara yaiku tembung utawa kumpulaning tembung kang nduweni teges. Ukara mujudake wedharing karep kang jangkep.
Perangane ukara sing baku yaiku:
1. Jejer, yaiku samubarang kang dianggep duwe adeg dhewe sarta dadi bakuning gunem utawa wicara. Lumrahe wujud tembung aran utawa kang dianggep aran.
2. Wasesa, yaiku samubarang kang dadi caritane jejer. Lumrahe awujud tembung kriya. Ananging ana uga kang awujud tembung kaanan, aran, sesulih, wilangan, lsp.
3. Lesan, yaiku samubarang kang dadi watesing wasesa utawa nerangake wasesa.
4. Geganep, utawa pelengkap, yaiku samubarang kang kanggo njangkepi ukara.
5. Katrangan, yaiku kang dadi andharaning ukara.
Gatekna tuladha-tuladha ing ngisor iki!
1. Pitike mati
J W
2. Sutri nyapu latar
J W L
3. Salman nukokake bakso adhine
J W P L
4. Bejo turu neng hotel
J W K














