Showing posts with label Materi Ajar Bahasa Jawa. Show all posts
Showing posts with label Materi Ajar Bahasa Jawa. Show all posts
Friday, 18 September 2015
BEDHAHIPUN LOKAPALA
BEDHAHIPUN LOKAPALA
Ringkesing cariyos bilih ing negari Lokapala jumeneng
satunggaling narendra ingkang kondhang sekti mandraguna, inggih punika ingkang
ajejuluk Prabu Danapati. Sang Prabu
kagungan aji-aji Pancasona. Kasektenipun Sang Prabu sumebar ngantos negari
Alengka. Mireng bilih Prabu Danapati kagungan aji Pancasona ndadosaken
runtiking saha muringipun Dasamuka, amargi kaanggep madhani utawi ngembari
katiyasipun Prabu Dasamuka. Lajeng Prabu Rahwana ngetingalaken watak angkara murkanipun,
jail methakil, drengki srei, dahwen ati open lan legan golek dhadhakan. Prabu
Dasamuka lajeng sesumbar “He … manungsa, sapa wani-wani ngembari
kadigdayaningsun bakal ingsun tigas jangganira.”
Prabu
Dasamuka rumaos kabrangas atinipun lajeng kagungan sedya nglurug dhateng negari
Lokapala badhe dipundamel sekarang abang, kamangka Prabu Danapati tasih
kaprenah kadang wredhanipun. Sedyanipun Prabu Dasamuka badhe mbedhah negari
Lokapala boten dipunsarujuki dening sawetawis kadhang-kadhangipun. Nanging
Dasamuka boten nggega tetep mberung badhe mejahi Prabu Danapati kanthi sesanti
“Ing salumahing bumi iki, kang duweni hak ndarbeni aji Pancasona mung dheweke
dhewe, liyane ora kena lan ora oleh madhani.”
Kelampahan
Lokapala saestu ginebag ing ayuda dening Dasamuka sawadya balanipun raseksa.
Cacahing kurban tanpa wilangan. Saperangan ingkang dados kurban kawula alit
ingkang boten ngertos kenthang kimpule perkawis. Sejatosipun Dasamuka boten
gampil nelukaken Danapati, awit sami-sami digdayanipun. Perangipun saya dangu
saya riwut, saya rame lan sansaya tambah kurbanipun ing kawula alit. Pramila,
lajeng Bathara Guru utusan dhateng Bathara Narada supados misah anggenipun sami
bandayuda. Prabu Danapati lajeng karangkul dening Bathara Narada, lajeng dhawuh
“Wis wis wis, aja ko bacutake anggonmu padha bandayuda, mesakna kawulamu kang
padha dadi kurban pating balasah kaya babadan pacing, mangertia Dasamuka iku
dudu mungsuhmu.”
Danapati
lajeng kasengkakaken dados Dewa, lajeng kaajak sesarengan minggah dhateng
Kahyangan. Dasamuka bingah sanget,
rumaos menang, rumaos saged ngalahaken Danapati, marem atinipun boten wonten
malih tiyang ingkang ngembari kadigdayanipun.
Thursday, 26 September 2013
Tembung Camboran
By Unknown11:26:00Materi Ajar Bahasa Jawa, Materi Basa Jawa SMP, Paramasastra, Tembung Camboran
No comments:
Tembung Camboran utawa kata majemuk (komposisi) yaiku tembung loro utawa luwih sing digandheng dadi siji, lan tembung mau dadi tembung anyar sing tegese uda dadi melu anyar. Sing dikarepake anyar tegese dadi beda nalika tembung-tembung mau durung ditulis gandheng dadi tembung camboran.
Tuladha:
a. Lare angon tegese dudu bocah sing angon, nanging lare angon kuwi jenenge ula.
b. Buntut urang tegese dudu buntute urang nanging jenenge rambut sing njenthir ing githok.
c. Semar mendem tegese dudu semar sing lagi mendem nanging iku rane panganan sing digawe saka beras ketan.
d. Randha royal tegese dudu randha sing seneng royal nanging iku arane tape goreng.
e. Raja lele tegese dudu ratune lele nanging arane pari utawa beras.
Tembung camboran sing baku mung ana loro yaiku camboran wutuh lan camboran tugel.
a. Tembung camboran wutuh yaiku yen tembung sing dicambor isih wutuh.
tuladha: dhadha menthok, raja lele, lsp.
b. Tembung camboran tugel yaiku menawa tembunge sing dicambor wis ora wutuh amarga diwancah utawa ditugel. sing ditugel bisa loro-lorone bisa uga mung salah siji tembunge.
tuladha: panas atis --- dadi panastis; abot repot --- dadi botrepot; balung kulit --- dadi lunglit, lsp.
Tembung Kerata Basa
By Unknown11:10:00Kawruh Basa, Kerata Basa, Materi Ajar Bahasa Jawa, Rangkuman Materi, Suplemen materi Bahasa Jawa
No comments:
Tembung Kerata Basa utawa jarwa dhosok yaiku negesi sawenehing tembung kanthi adhedhasar wanda-wandane tembung mau. Menawa dideleng wujude tembung mau dadi kaya cekakan utawa singkatan, nanging sejatine dudu amarga tembunge karo tegese anane dhisik tembunge. Sing perlu dingerteni menawa tegese tembung dadi memper utawa cocok karo kahanane mula ora saben tembung bisa digawe jarwa dhosoke.
Tuladha:
tebu --- tegese : antebing kalbu
garwa --- tegese : sigarane nyawa
gelas --- tegese : yen tugel ora kena dilas
piring --- tegese : sepine yen wis miring
kodhok --- tegese : teka-teka ndhodhok
kupluk --- tegese : kaku tur nyempluk
sirah --- tegese : isine rah
cengkir --- tegese : kencenging pikir, lan sapiturute.
Wednesday, 25 September 2013
Bebasan lan Saloka
By Unknown10:27:00Bahasa Jawa, Bebasan, Kawruh Kagunan Basa, Materi Ajar Bahasa Jawa, Materi Basa Jawa SMP, Rangkuman Materi, Saloka
No comments:
Bebasan lan saloka iku sejatine padha tegese yaiku unen-unen kang gumathok sing ajeg panganggone lan ukurane nganggo pepindhan. Tegese gumathok lan ajeg panganggone yaiku tembung-tembunge ora kena diowahi kanthi ngganti nganggo tembung liya uga ora kena dikramakake. Dene ukarane pepindhan tegese ukarane ora wantah utawa ora lugu nanging kanthi pangumpamaan.
Ananging ana saperangan para winasis sing mbedakake antarane bebasan karo saloka yaiku mapan ing bab sing dipindhakake. Menawa sing dipindhakake utawa sing diumpamakake iku uwonge diarani saloka, dene menawa sing dipindhakake iku kahanane, tindak-tanduke utawa pakaryane uwong iku arane bebasan.
Tuladha Saloka:
a. Kebo kabotan sungu tegese uwong sing rekasa uripe amarga kakehan tanggungan (anak).
b. Bathok bolu isi madu tegese uwong sing laire ora mingsra nanging kadunungan kaluwihan.
c. Gajah ngidak rapah tegese uwong sing nglanggar wewalere dhewe.
Tuladha bebasan:
a. Nglungguhi klasa gumelar ngibaratake mung kari nemu kepenake.
b. Nabok nyilih tangan ngibaratake nggawa cilaka nanging lumantar wong liya.













