Sugeng rawuh ing "Sinau Jawa". Blog menika minangka salah satunggalipun pambudidaya nguri-uri kabudayan Jawa, tilaranipun linuhung Jawa. Nyuwun Pangapunten awit kathah kekiranganipun. Matur nuwun.

This is default featured slide 1 title

Go to Blogger edit html and find these sentences.Now replace these sentences with your own descriptions.This theme is Bloggerized by Lasantha Bandara - Premiumbloggertemplates.com.

This is default featured slide 2 title

Go to Blogger edit html and find these sentences.Now replace these sentences with your own descriptions.This theme is Bloggerized by Lasantha Bandara - Premiumbloggertemplates.com.

This is default featured slide 3 title

Go to Blogger edit html and find these sentences.Now replace these sentences with your own descriptions.This theme is Bloggerized by Lasantha Bandara - Premiumbloggertemplates.com.

This is default featured slide 4 title

Go to Blogger edit html and find these sentences.Now replace these sentences with your own descriptions.This theme is Bloggerized by Lasantha Bandara - Premiumbloggertemplates.com.

This is default featured slide 5 title

Go to Blogger edit html and find these sentences.Now replace these sentences with your own descriptions.This theme is Bloggerized by Lasantha Bandara - Premiumbloggertemplates.com.

Showing posts with label Ungkapan Tradisional Jawa. Show all posts
Showing posts with label Ungkapan Tradisional Jawa. Show all posts

Tuesday, 8 October 2013

Aja ngomong waton, nanging ngomonga nganggo waton



Aja ngomong waton, nanging ngomonga nganggo waton

Tegese yen omong aja mung waton muni, nanging prayogane nggunakake landhesan sing gumathok, cetha bener, lan pener. Pepeling tumrap wong Jawa sing wose aja seneng glenyengan, ngrasani liyan, utawa nyatur wewadi sing ora pantes dingerteni wong akeh. Apa sing dikandhakake kudu cetha lan kepriye carane kandha kudu nganggo subasita, amrih ora nuwuhake panyakrabawa sing kleru (kleru penampa) tumrap sing diajak kekandhan.


----


Artinya jangan asal bicara, tetapi berbicaralah dengan menggunakan landasan yang jelas. Peribahasa ini juga merupakan larangan agar siapa pun tidak gampang berbicara, menyebarkan kejelekan orang yang belum terbukti kebenarannya. Selain itu, jika berbicara juga harus menerapkan sopan santun. Apa yang dibicarakan juga menggunakan tata krama yang benar sehingga tidak meninggalkan prasangka buruk.

(Artikel serupa :
Falsafah jawa : Aja Ngomong Waton, Nanging Ngomonga Nganggo Waton )
Share:

Friday, 13 September 2013

Adigang Adigung Adiguna


Tegese yaiku ngendel-endelake kekuwatan, panguwasa, lan kapinteran sing diduweni. Adigang yaiku sipat kang ngegul-gulake kekuwataning awak (raga), kayadene kidang. tandang tanduke cukat trengginas, playune pilih tandhing. Dene adigung iku sipat kang ngongsakake pangkat, drajat, keluhuran, apadene trah tedhak turune priyagung (wong gedhe). Pawongan kang nduweni watak adigung umume dipadhakake karo gajah. Awake gedhe, ora ana sing madhani, lan yen padudon akeh menange. Dene adiguna yaiku sipat kang ngendelake kapinteran lan akal. Sipat iki umume digambarake kaya watake ula. Ula iku katone ringkih, nanging wisane mbebayani.
Share:

Saturday, 26 December 2009

UNGKAPAN TRADISIONAL / PERIBAHASA JAWA



1. Petani dan peternak
Adhang-adhang tetesing embun : njagakake barang mung saolehe bae
Aji godhong garing : barang kang ora duwe aji babar blas
Ancik-ancik pucuking eri : wong kang tansah sumelang yen kaluputan
Angon mangsa : golek wektu sing prayoga
Arep jamure emoh watange : gelem kepenake ora gelem rekasane
Bebek mungsuh mliwis : wong pinter mungsuh wong pinter
Belo melu seton : mung melu melu bae
Dadia suket suthik nyenggut : emoh aruh
Digarokake dilukokake : dikon nyambut gawe abot
Emprit abuntut bedhug : prakar sepele dadi gedhe
Golek banyu bening : golek pitutur sing becik
Jati ketlusuban ruyung : golongane wong becik kelebon wong ala
Kacang mangsa ninggala lanjaran : kelakuwane anak akeh-akehe niru wong tuwane
Kaya wedhus dimbar neng kacangan : kesenengan amarga nemoni apa sing dibutuhake
Kebo ilang tombok kandhang : wis kelangan isih tombok maneh
Kebo kabotan sungu : wong tuwa sing rekasa amarga kakehan anak
Kebo mulih menyang kandhange : wong lunga bali maneh menyang asale
Kebo nusu gudel : wong tuwa njaluk wuruk marang wong enom
Kemladeyan ngajak sempal : wong nunut marakake rusak
Krokot ing galeng : wong sing mlarat banget
Kutuk nggendhong kemiri : nyandhang sarwa aji ngliwati papan sing gawat
Milih-milih tebu boleng : kakehan pilihan wusanane oleh sing ora becik
Opor bebek mentas awak dhewek : mentas saka rekadayane dewe
Ora ana banyu mili mendhuwur : watake anak mesthi niru wong tuwane
Ora ngerti kenthang kimpule : ora ngerti jalarane perkara
Pager mangan tanduran : dipercaya malah ngrusak
Pandengan karo srengenge : mungsuhan karo wong kuwasa
Pitik trondhol diumbar ing pedharingan : wong ala diprasrahi tunggu barang aji
Sandhing kebo gupak : sandhing wong ala bisa ktut ala
Sembur-sembur adas siram-siram bayem : bisa kaleksanan marga dongane wong akeh
Tebu tuwuh socane : prekara wis becik dadi bubrah merga dirusuhi
Timun mungsuh duren : wong ringkih mungsuh wong kuwat

2. Masyarakat pengadilan
Adigang adigung adiguna : wong sing ngendelake kekuatan kaluhuran lan kepinterane
Ana catar mungkur : ora gelem ngrungokake rerasan sing ora becik
Ana daulate ora ana begjane : wis arep nemu kabegjan Nanking ora sida
Desa mawa cara Negara mawa tata : saben panggonan duwe cara dewe-dewe
Emban cindhe emban silaban : siji lan sijine ora padha pangrengkuhe (ora adil)
Jer basuki mawa beya : kabeh gegayuhan mbutuhake wragat
Njajah desa milang kori : lelungan menyang ngendi-ngendi
Ngalasake negara : ora manut pranatan negara
Rukun agawe santosa crah agawe bubrah : kerukunan ndadekake santosa congkrah ndadekake karusakan
Sapa salah saleh : sapa sing salah bakal cala
Sluman slumun slamet : sanajan kurang ati-ati ewadene diparingi slamet
Yitna yuwana lena kena : sing ngati-ati slamet sing sembrana bakal cilaka

3. Pedagang
Beras wutah orang mulih marang takere : barang kang wis owah arang bisa pulih maneh
Buntel kadhut ora nginang ora udud : wong nyambut gawe borongan ora oleh mangan
lan rokok
Criwis cawis : akeh alesan nanging gelem nindakake
Dudu berase ditempurake : nyambungi guneme liyan nanging ora gathuk
Enggon welut didoli udhet : panggonane wong pinter dipameri kepinteran
Esuk dhele sore tempe : ora teteg atine
Katon cempaka sewakul : disenengi wong akeh
Mikul dhuwur mendhem jero : njunjung drajade wong tuwa
Timun wungkuk jaga imbuh : Mung kanggo jagan yen ana kurange
Tumbu oleh tutup : wong kekancan sing cocok banget
Tuna sathak bathi sanak : rugi bandha nanging bathi sedulur

4. Pemburu
Cedhak celeng boloten : cedhakan karo wong ala njalari katut ala
Gajah tumbuk kancil mati tengah : wong gedhe padu karo wng gedhe wong cilik
sing sangsara
Gajah ngidak rapah : wong sing nrajang wewalere dhewe
Kekudhung walulang macan : ngapusi wong sarana njaluk
tulung marang wong kang dipracaya dening wong kang diapusi mau
Kethek seranggon : wong ala sagrombolan
Kutuk marani sunduk : njarak marang bebaya
Matang tuna numbak luput : tansah luput kekarepane
Menthung koja kena sembagine : karepe ngapusi malah kapusan
Ngaturake kidang lumayu : nuduhake gegayuhan sing angel kecekel
Nguthik-uthik macan dhedhe : gawe nesune wong
Rampek-rampek kethek : nyedhak-nyedhak mung arep gawe kapitunan
Trenggiling api mati : sejatine ngrungokake nanging ethok-ethok ora ngerti
Ula marani gepuk : njarak marani bebaya

5. Penangkap ikan
Buru uceng kelangan dheleg : mburu barang sepele kelangan barang sing aji
Iwak klebu ing wuwu : kena apus sarana gampang banget
Kenaa iwake aja buthek banyune : sing dikarep bisa kelakon nanging aja nganti gawe rame
Kebanjiran segara madu : nemu kabegjan kang gedhe banget
Nguyahi segara : tandang gawe sing muspra

6. Lain-lain (keluarga dan masyarakat)
Ana catur mungkur : ora gelem ngrungokake rerasan sing ora becik
Anak polah bapa kepradah : wong tuwa nemu reribed amarga saka polahing anak
Asu marani gepuk : njarag marang bebaya
Car-cor kaya kurang janganan : guneman waton metu tanpa dipikir dhisik
Dahwen ati open : nacad nanging arep dimelik dhewe
Dudu sanak dudu kadang mati melu kelangan : sanajan wong liya yen ora kepenak melu ngrasakake
Kadang konang : ngakoni sadulur mung karo sing sugih-sugih
Kaya banyu karo lenga : pasaduluran kang ora bisa rukun
Kumenthus ora pecus : doyan umuk ora sembada
Nabok nyilih tangan : nindakake panggawean ala sarana kongkonan
Opor bebek mentas awak dhewek : mentas saka rekadayane dhewe
Ora mambu enthong irus : dudu sana dudu kadang
Ora tembung ora luwung : njupuk tanpa nembung dhisik
Sabaya pati sabaya mukti : rukun nganti tekan ing pati
Satru mungging cangklakan : mungsuh kang isih sanak sedulur
Sepi ing pamrih rame ing gawe : tumandang gawe tanpa duwe kamelikan apa-apa
Sumur lumaku tinimba : njaluk diangsu kawruhe nawakake ngelmune
Tulung menthung : katone tetulung nanging malah nyusahake
Tunggal banyu : tunggal ngelmu, tunggal guru
Welas tanpa alis : welas marang wong kang ndadekake sangsarane
Kuda linapakan (kuda didandani), artinya orangnya mudah diatur

(Oleh: Kelompok 1 penelitian Folklor lisan eks Surakarta; Rombel 4 Pbsj Unnes 2008' (Ita M dkk)diposting:cia).
Share:

Main Menu