
a. Sapa bae sing bisa nindakake pacelathon?
Coba tlitinen ing ing bebrayan!
Antarane :
- Bocah cilik karo bocah cilik.
- Bocah cilik karo sing wis dewasa.
- Bocah cilik karo wong tuwa.
- Diwasa karo diwasa.
- Wong tuwa karo diwasa.
- Wong tuwa karo wong tuwa.
- Anak karo wong tuwa, lsp.
b. Basa apa bae kang digunakake menawa lagi padha rembugan?
Basane njumbuhake (bahasanya menyesuaikan dengan siapa berbicara, keperluannya apa, dan dimana).
Upamane :
- Bocah cilik – bocah cilik (ngoko lugu),
- diwasa – diwasa (ngoko lugu),
- diwasa – sepuh / tuwa (krama alus),
- Sepuh – sepuh (krama alus, ngoko andhap),
- wong tuwa – bocah (ngoko lugu), lsp.
c. Kepriye budi pakartine (prilakune) yen lagi rembugan?
Budi pakertine guneman antarane:
Guneman ora waton guneman, nanging guneman kudu nganggo waton (aturan).
Ngadege, lungguhe, obahe tangan uga becik nganggo waton.
Suwarane, banter lirihe becik nganggo waton.
Polatane (wajahe / pandangan) uga nganggo waton aja nganti mencereng-mencereng upamane.
Intonasine (lagune) uga nganggo aturan ora angger mbengok-mbengok.
d. Ringkese: budi pakartine wong guneman lan tumindak apa bae becike eling marang empan lan papan.
Guneman kuwi karo sapa ?
Perlune apa ?
Ana ngendi papan panggonane ?
Basa lan sikape njumbuhake (menyesuaikan).
0 komentar:
Post a Comment