Sugeng rawuh ing "Sinau Jawa". Blog menika minangka salah satunggalipun pambudidaya nguri-uri kabudayan Jawa, tilaranipun linuhung Jawa. Nyuwun Pangapunten awit kathah kekiranganipun. Matur nuwun.

This is default featured slide 1 title

Go to Blogger edit html and find these sentences.Now replace these sentences with your own descriptions.This theme is Bloggerized by Lasantha Bandara - Premiumbloggertemplates.com.

This is default featured slide 2 title

Go to Blogger edit html and find these sentences.Now replace these sentences with your own descriptions.This theme is Bloggerized by Lasantha Bandara - Premiumbloggertemplates.com.

This is default featured slide 3 title

Go to Blogger edit html and find these sentences.Now replace these sentences with your own descriptions.This theme is Bloggerized by Lasantha Bandara - Premiumbloggertemplates.com.

This is default featured slide 4 title

Go to Blogger edit html and find these sentences.Now replace these sentences with your own descriptions.This theme is Bloggerized by Lasantha Bandara - Premiumbloggertemplates.com.

This is default featured slide 5 title

Go to Blogger edit html and find these sentences.Now replace these sentences with your own descriptions.This theme is Bloggerized by Lasantha Bandara - Premiumbloggertemplates.com.

Thursday, 24 November 2011

Geguritan




Gurit          : tulis, garit, nggarit nganti nandes.
Geguritan     : tulisan kang becik, tumata basane, sastrane lan tumata tembung-tembunge.
Share:

Wednesday, 23 November 2011

ILIR-ILIR

Lir ilir..lir ilir..tanduré wus sumilir,
Share:

SLUKU-SLUKU BATHOK

Sluku-sluku bathok
Share:

Monday, 21 November 2011

Kidung Sarira Hayu DHANDHANGGULA




Share:

Saturday, 19 November 2011

Prabu Pandhudewanata

Pandhudewanata iku putrane Begawan Abiyasa utawa Prabu Kresnadipayana ratu ing Ngastina. Duwe sedulur loro yaiku kangmase aran Destarasta lan adhine aran Yamawidura.
Share:

Friday, 18 November 2011

Tari Serimpi


Tarian ini ditarikan oleh empat orang penari putri dengan membawa Perlengkapan botol isi minuman dan gelas.

Share:

Tari Bedhaya Ketawang

Tari Bedhaya Ketawang merupakan tarian yang biasa digunakan atau ditarikan di dalam keraton, karena biasa dipertunjukkan untuk mengiringi upacara Tingalan Jumeneng Dalem (ulang tahun penobatan raja).
Share:

Crita Wayang Ramayana: Rama Tambak


Prabu Dasamuka ratu ing Ngalengka punika pancen satunggaling ratu ingkang sekti mandraguna. Prabu Dasamuka punika kepencut dhateng Dewi Sinta, wanita ayu ingkang sulistya ing warni, garwanipun Ramawijaya. Gegandhenganipun Dewi Sinta kaliyan Prabu Rama sampun mboten saged dipunpisahaken malih.
Share:

Thursday, 17 November 2011

Dewi Kunthi


Dewi Kunthi iku putrane Prabu Kunthiboja lan Dewi Bondasari. Prabu Kunthiboja iku raja ing Mandura. Dewi Kunthi digarwa Prabu Pandhudewanata ratu ing Nagari Astina.
Share:

Yudhistira


Yudhistira iku putra pambarepe Prabu Pandhu Dewanata karo Dewi Kunthi.
Share:

Crita Wayang Ramayana


Prabu Dasarata ratu ing Ayodya. Panjenengane duwe garwa telu, yaiku Dewi Sukasalya, Dewi Kekayi, lan Dewi Sumitra. Saka garwa telu iku Prabu Dasarata Kagungan putra papat.
Share:

Wednesday, 20 July 2011

Gunungan

Gunungan inggih menika gambar wayang ingkang wujudipun kados gunung.[1][2] Salebetipun gunungan wonten gambar lawang kados déné gerbang, ingkang dipunjagi déning buta cacah kalih cepengan gada lan tébéng. Gunungan ing pawayangan ugi asring sinebat Kayon.[2] Sanésipun gunungan menika nggambaraken kerajaan, gunungan ugi kanggé pratandha giyaran wayang badhé dipunwiwiti.[1] Gunungan utawi kayon wiwitanipun dipunripta déning Radèn Patah.[3] Winastan gunungan amargi wujudipun mèmper gunung limrahipun.[3] Gambar wayang menika dipunginakaken saben pagelaran wayang (wayang purwa, wayang krucil, wayang golèk, wayang gedhog, wayang suluh, lan sanésipun).[3]
Share:

Gunungan

Gunungan inggih menika gambar wayang ingkang wujudipun kados gunung.[1][2] Salebetipun gunungan wonten gambar lawang kados déné gerbang, ingkang dipunjagi déning buta cacah kalih cepengan gada lan tébéng. Gunungan ing pawayangan ugi asring sinebat Kayon.[2] Sanésipun gunungan menika nggambaraken kerajaan, gunungan ugi kanggé pratandha giyaran wayang badhé dipunwiwiti.[1] Gunungan utawi kayon wiwitanipun dipunripta déning Radèn Patah.[3] Winastan gunungan amargi wujudipun mèmper gunung limrahipun.[3] Gambar wayang menika dipunginakaken saben pagelaran wayang (wayang purwa, wayang krucil, wayang golèk, wayang gedhog, wayang suluh, lan sanésipun).[3]

Jinisipun Gunungan

Mituhu wujudipun, gunungan utawi kayon saged dipunpérang dados kalih, inggih menika:[3]

* Kayon Gapuran, wujudipun radi alit kanthi gambar gapura. Sisih kiwa tengenipun dipunjagi déning buta utawi raseksa. Sisih wingking kayon wonten gambaran utawi wewujudan geni warna abrit.
* Kayon Blumbangan, wujudipun radi ageng lan langkung endhèp upami dipunbandhingaken kaliyan kayon gapuran. Sisih ngandhapipun wonten gambar kolam kanthi toya wening, samadyanipun kayon wonten gambar ulam cacahipun kalih ingkang sami adhep-adhepan, lan sisih wingkingipun wonten gambar segara ingkang warninipun sami kaliyan warni langit.

ambar Salebetipun Gunungan

Sedaya gambar ing salebetipun gunungan inggih menika:[3]

* griya éndah kanthi undhag-undhagan ingkang cacahipun tiga lan korinipun dipunrengga gambaripun Bethara Kamajaya ingkang adhep-adhepan kaliyan Dèwi Ratih,
* buta utawi raseksa ingkang sami adhep-adhepan, kanthi mbekta gada utawi pedhang jangkep kaliyan taméngipun.
* naga ingkang ngghadhahi swiwi kalih,
* alas ingkang dipunrengga dening para kéwan,
* macan ingkang adhep-adhepan kaliyan banthèng,
* wit-witan ageng ing tengahipun alas, dipunubeti déning sawer,
* makara ing tengahipun wit,
* kethèk cacahipun kalih lan lutung ingkang mapan ing wit,
* pitik alas cacah kalih ing sanginggilipun wit-witan.

[sunting] Ginanipun Gunungan
Gunungan ing pagelaran wayang gagrag Yogyakarta.

Gambar-gambar salebetipun gunungan nggambaraken saisining jagad raya jangkep kaliyan isinipun. Gunungan ing pagelaran wayang nggadhahi jejer ingkang wigati.[3]

* Minangka tandha pagelaran wayang badhé dipunwiwiti, inggih nalikanipun gunungan dipunbedhol ing tengah-tengahipun kelir, lajeng dipuntancepaken ing sisih tengen.
* Minangka tandha gantosipun jejer lan ugi dipunginakaken dhalang kagem nggambaraken owah-owahanipun swasana.
* Minangka tandha gantosipun pathet.
* Nggambaraken tumuruning wahyu saking déwa, angin, lan sanésipun.
* Nggambaraken geni, inggih menika kanthi malik gunungan ingkang sisihipun nggadhahi gambar geni.
* Minangka sarana dhalang anggenipun nggambaraken medalipun kekiyataning paraga wayang.
* Minangka tandha purnanipun pagelaran wayang, kanthi nancepaken gunungan ing tengah-tengahipun kelir.

[sunting] Werdinipun Gunungan

Gunungan saged dipunmaknani:[4]

* Gunungan saged dipunmaknani minangka lambang pancer, inggih menika jiwa utawi sukma.[4] Kajawi menika, wujudipun ingkang arupi wajik (segitiga) nggadhahi teges manungsa menika kagungan unsur cipta, rasa, lan karsa. Lambang gambar pesagi (segiempat) ngemu werdi, manungsa nggadhahi sekawan sadhérék. Sadhérék kasebat inggih menika (1) siti, (2) geni, (3) toya, lan (4) hawa utawi angin.[4]
* Gunungan minangka lambang alam ing pawayangan. Mituhu kapitayanipun Hindu, segi makrokosmos gunungan ingkang dipunputer-puteraken kaliyan dhalang, ngetingalaken campuhipun sedaya piranti dados satunggal. Salajengipun, samudayanipun dados wewujudan donya saisinipun.[4]
* Gunungan ngadhahi werdi, minangka tandha panguripan. Saben gambar ing gunungan, ngetingalaken saisining piranti ing sajroning jagad. Wiwit saking manungsa, kéwan, alas, lan samudayanipun.[5] Wujud gunungan arupi limas (segilima), nggambaraken gangsal wekdal ingkang kedah dipunlampahaken déning manungsa muslim. Wujud lancip menika nggadhahi werdi gandhéng cénéng antawisipun manungsa kaliyan gustinipun.[5] Gambar wit minangka pratandha ingkang mbabaraken digdayanipun Gusti Ingkang Maha Wikan, ingkang sampun maringi pangayoman dhumateng sedaya titah ing ngalam donya.[5] Sedaya kéwan ingkang karipta ing gunungan nggadhahi 3 (tigang) teges, (1) sipat, (2) bebudén, lan (3) watek, ingkang dipungadhahi saben manungsa.[5] Gambar sirah raseksa utawi buta nggambaraken kahanan manungsa ingkang gesangipun ing ngalam donya nggadhahi sipat rakus lan awon kados sétan.[5] Gambar ilu-ilu geni nggambaraken lampahipun gesang manungsa karidhu déning maneka warna godha, coba, bebaya, lan sanés-sanésipun.[5] Gambar segara ngemu pratandha ingkang njléntrehaken pikiranipun manungsa.[5] Gambar buta nyepeng gada nggadhahi werdi panjagining rasa ing ngalam peteng lan padhang.[5] Gambar Joglo mbabaraken kahananipun negari ingkang aman lan tenterem, awit sampun kinayoman dening ngrembakanipun wit-witan lan isén-isén sanésipun.[5] Gambar raseksa minangka lambangipun menungsa ingkang kirang tata.[5]

[sunting] Cathetan suku

1. ↑ a b (id)Hardjowirogo. (1982). Sejarah Wayang Purwa. Jakarta: Balai Pustaka
2. ↑ a b (id)Triwidodo. (23 November 2008). Makna Gunungan. OneEarthMedia. URL diaksès tanggal 5 Maret 2011
3. ↑ a b c d e f (id) Kayon/Gunungan, Budaya Wayang "World Masterpiece". Media Berbagi Paguyuban Pecinta Wayang. URL diaksès tanggal 28 April 2011
4. ↑ a b c d (id)Setya Amrih Prasaja, S.S. (27 Juni 2009). Makna Gunungan atau Kayon. E - Learning Bahasa Jawa di SMA Negeri 1 Sanden, Kabupaten Bantul - DIY. URL diaksès tanggal 28 April 2011
5. ↑ a b c d e f g h i j (id)Eko Stiyono. (2007). Simbolisme Dalam Ukiran Gunungan "Kayon" Wayang Kulit (Telaah Semiotika Budaya). (PDF) UMM Institutional Repository, University Of Muhammadiyah Malang. URL diaksès tanggal 29 April 2011

(Sumber:http://jv.wikipedia.org/wiki/Gunungan; dipunakses tanggal 20 Juli 2011)
Share:

Monday, 14 March 2011

Wajibipun Tiyang Dados Guru


Kasebut ing dalem serat Wirit Hidayat Jati ingkang kaimpun déning Panjenengannipun swargi Radén Ngabéi Ranggawarsita pujangga ageng ing Karaton dhalem Surakarta Adhiningrat, kaecab ing kantor pangecapan N. V. My. t/v d/z Albert Rusche & Co taun 1908 ing Surakarta, ing kaca 19 dumugi 21 wonten katrangipun makaten:
Share:

Saturday, 22 January 2011

Tembang Maskumambang & Mijil

Para leluhur ing jaman rumiyin menawi maringi pitutur dhateng lare alit utawi para mudha dipunwujudaken tembang utawi kidung. Ingkang kathah wujud tembang macapat.Ing ngandhap punika sekar macapat anggitanipun panjenenganipun Ja’far Sodiq (Sunan Kudus).


1. Maskumambang menika saking kalih tembung: Mas tembung menika asalipun saking Premas tegesipun Punggawa wonten tata cara Shamanistis (Pangucap mantra kanthi nembang kalih kembang sesaji). Kumabang saking tembung ambang pikantuk seselan -um- lan panambang Ka- ingkang tegesipun ngapung, kamwang / kembang. Wonten Serat Purwaukara, Maskumambang tineges ulam toya (iwak kali), sahengga dipunsyarat kanthi gambar iwak nglangi.
Watak tembang punika: nelangsa
Kanthi guru wilangan, lagu lan gatra: [ 12i, 6a, 8i, 8a ] {4}


Sekar Maskumambang Laras Pelog Pathet Nem

Ke - lek ─ ke - lek bi - yung si - ra a - neng ngen - di,

eng - gal tu - lung a - na,

a - wak - ku ke - cem - plung wa - rih,

gu - la - ge - pan wis meh pe - jah.


Tegesing tembung:
Kelek-kelek : pindhane swara kuthuk
Biyung sira : ibumu, simbokmu
Warih : banyu, toya ana blumbang.
Gulagepan : megap-megap (keblebeg banyu), angel anggone guneman
Pejah : mati

Dene tembang Maskumambang kasebut ngemu pitutur luhur: wong sing kahanane megap-megap durung kober/bisa tobat mulane njaluk pitulungan supaya dientaske saka panguripan/warihe.


2. Mijil tegesipun medhal, tembung menika wonten sesambetan sinonim kalian lawang boten tegesipun pintu lho, ananging jenising kembang kang gandanipun arum basa latin: Heritiera littoralis
Watakipun tembang punika: asih, tresna
Kanthi guru wilangan, lagu lan gatra: [ 12i, 6o, 10e, 10i, 6i, 6u ] {6}


Sekar Mijil Laras Pelog Pathet Barang


De - da - la - ne gu - na la - wan sek - ti,

ku - du an - dhap a - sor,

wa - ni nga - lah lu - hur we - ka - sa - ne,

tu - mung - kul - a yen di - pun du - ka - ni,

ba - pang den sim - pang - i,

a - na ca - tur mung - kur.


Tegesing tembung:
Guna : paedah, pinter
Sekti : wicaksana, jembar wawasane
Andhap asor : tatakrama ing pasrawugan ngajeni bekti marang: Allah, rosul, wong tuwa, guru, pimpnan. ora gumedhe/sombong
Wani ngalah : mawas dhiri / instropeksi. Bisa rumangsa (ora ruangsa bisa)
Wekasane : pugkasan, wasana


Tumungkul : ndingkluk, nggatekake
Duka : pitutur keras, wigati
Bapang : batantah-bantahan, pasulayan, tujuan tumindak sing ora becik diadohi/disingkiri.
Catur : guneman/omongan rerasan ala/ngrumpi, ngundhamana / menghujat.


Dene tembang Mijil kasebut ngemu pitutur luhur: Wong kepengin pinter lan manfaat (ngudi kautaman) kudu: 1) andhap asor, ora sombong, 2) gelem ngalah, 3) tawandhuk, ndhingkluk nggatekake yen dipundukani/kandani kang becik.
.
Share:

Main Menu